Yadnya

Yadnya inggih punika ngandhut teges kurban suci ingkang dipunadani kanthi raos tulus ikhlas wonten ing ajaran Agama Hindhu. Tembung punika saking Basa Sanskerta: यज्ञ (yajña) ingkang saking urat tembung Yaj, ingkang ngemu teges "memuja", ngaturaken kurban suci. Wonten ing Agama Hindhu ing Bali, wonten lima jinis Yadnya ingkang kasebat Panca Yadnya, inggih punika:

  • Déwa Yadnya inggih punika yadnya ingkang katujokaken dhumateng ngarsanipun Ida Sang Hyang Widhi Wasa.
  • Rsi Yadnya inggih punika yadnya ingkang katujokaken dhumateng para rsi awit jasa-jasanipun bina umat saha ngrembakakaken ajaran agama.
  • Pitra Yadnya inggih punika yadnya ingkang katujokaken dhumateng para roh leluhur kalebet dhumateng tiyang sepuhipun ingkang taksih gesang.
  • Manusa Yadnya inggih punika yadnya ingkang katujokaken dhumateng sasama manungsa.
  • Bhuta Yadnya inggih punika yadnya ingkang katujokaken dhumateng para Bhuta Kala ingkang gadhah ancas kanggé netralisir kekiyatan alam saéngga dados harmonis.
    [1]
Salah satunggaling Yadnya

Miturut Wekdal Nindakaken

Miturut wekdal anggénipun nindakaken Yadnya, umat Hindhu ngenal kalih jinis Yadnya ingkang dipunsebut kanthi istilah:

Nitya Karma Yadnya

Inggih punika Yadnya ingkang dipuntindakaken saben dinten.Tuladhanipun: Trisandya, Yadnya Sesa (Ngejot/ Saiban).[2]

Naimittika Karma Yadnya

Inggih punika Yadnya ingkang dipuntindakaken ing wekdal tartamtu.Tuladhanipun: Upacara Persembahyangan Purnama Tilem, slametan, Dinten riyaya, lan sanèsipun.[2]

Miturut Cara Nindakaken (Panca Marga Yadnya)

Panca Marga Yadnya inggih punika minangka dhasar anggènipun nindakaken Panca Yadnya.

Drewya Yadnya

inggih punika sawijining kurban suci kanthi ikhlas ingkang migunakaken barang-barang ingkang dados kagunganipun dhumateng tiyang sanès ing wekdal, papan, lan alamat ingkang trep, saperlu kapentingan lan kesejahteraan sesarengan, masarakat, Nagara lan Bangsa.[3]

Tapa Yadnya

Inggih punika sawijining kurban suci kanthi nglampahi tapa, minangka margi paneguhan iman anggènipun ngadhepi sadaya jinis panggoda supados gadhah ketahanan ing perjuangan gesang sarta nyukseskan sawijining cita-cita luhur.[3]

Swadyaya Yadnya

Inggih punika sawijining kurban suci ingkang migunakaken sarana "dhiri pribadi" minangka kurbanipun (Sadhana), ingkang dipuntindakaken kanthi tulus ikhlas amargi kasurung déning raos sih-tresna ingkang tulus.[3]

Yoga Yadnya

Inggih punika sawijining kurban suci kanthi cara nyawijikaken dhiri (ngeningaken cipta, rasa, lan karsa) dhumateng ngarsanipun Gusti (Sang Hyang Widhi Wasa).[3]

Jnana Yadnya

Inggih punika sawijining kurban suci ingkang nyeluruh, ingkang wosipun dhasar kawruh lan kasucen.[3]

Cathetan suku