Wikipédia:Ringkesan

Nalika nyunting sawijining artikel ing Wikipedia, ana sawijining kothak kothong kang dilabel "Ringkesan" pas sangisoré kothak teks. Wanguné kaya mangkéné:

Kotak teks Ringkasan

Kothak iki dikarepaké minangka cathetan ringkes ngenani owah-owahan apa kang nembé diayahi. Teks kang tinulis ing kéné, maksimal 200 aksara, bakal muncul jroning kaca Owah-owahan, ing sajarah kaca (sajarah penyuntingan kaca kasebut), jroning kaca diff, lan ing daftar pilihan naraguna kang lagi mantau artikel kasebut. Delengen m:Help:Edit summary kanggo informasi luwih jangkep ngenani fitur iki.

Kanthi anané ringkesan iki, naraguna liya bakal luwih gampang jroning mriksa, lan ndeleng kaca ing kaca owah-owahan.

Supaya digatèkaké conto ing ngisor iki, bisa dipirsani bédané antara ngisi ringkesan panyuntingan lan ora ngisi ringkesan panyuntingan ing kaca owah-owahan:

Ngisi ringkesan panyuntingan:

Bm 01:35 Tasmania, Australia (béda; sajarah) . . *drew (Bicara) (alih)
   01:30 Amir Hamzah, Tengku (béda; sajarah) . . IvanLanin (Bicara) ubah format, beri kategori
   01:09 Daftar Tokoh Jerman (béda; sajarah) . . StephenSuleeman (Bicara) Kanselir Jerman (setelah PD II)
Bm 00:55 Bicara Pengguna:202.69.101.147 (béda; sajarah) . . *drew (Bicara) (test)
 m 00:54 1 (béda; sajarah) . . Chlewey (Bicara) (robot Adding: als, an, ar, az, be, ga, hu, ms, nap, sq, uz)

Ora ngisi ringkesan panyuntingan:

Bm 01:35 Tasmania, Australia (béda; sajarah) . . *drew (Bicara)
   01:30 Amir Hamzah, Tengku (béda; sajarah) . . IvanLanin (Bicara)
   01:09 Daftar Tokoh Jerman (béda; sajarah) . . StephenSuleeman (Bicara)
Bm 00:55 Bicara Pengguna:202.69.101.147 (béda; sajarah) . . *drew (Bicara)
 m 00:54 1 (béda; sajarah) . . Chlewey (Bicara)

Bisa dipirsani yèn kanthi ngisi ringkesan, bisa nggampangaké naraguna liya mirsani owah-owahan apa waé kang diayahi ing saben artikel. (delengen uga daftar cekakan kang sering dipigunakaké ing ringkesan suntingan).

Ringkesan suntingan otomatis

Ringkesan suntingan otomatis kuwi ringkesan suntingan kang diwènèhké déningMediaWiki sacara otomatis. Ing ngisor iki daftar ringkesan suntingan kang digawé otomatis déning MediaWiki

TindakanRingkesan suntingan otomatisPesan sistem
Ngosongaké kabèh isi kacaNgothongaké kacaMediaWiki:Autosumm-blank
Ngganti kabèh isi kanthi teks anyar←Ngganti kaca karo 'teks baru'MediaWiki:Autosumm-replace
Nggawé kaca anyarKaca anyar: teks baruMediaWiki:Autosumm-new
Ngalihaké kacaNgeneraké kaca menyang halamanMediaWiki:Autoredircomment
Mbatalaké revisiMurungaké owahan [[Special:Diff/[#]|[#]]] déning Jeneng naraguna (rembugan)MediaWiki:Undo-summary

Delengen uga