Warm Bodies (filem)

filem taun 2013

Warm Bodies nggih punika filem horor komedi romantis[3] saking Amérikah Sarékat ingkang kadamel taun 2013. Filem punika dipunarahaken déning Jonathan Levine adhedhasar saking skénario anggitanipun Jonathan Levine, dipunangkat saking novel Warm Bodies pakaryanipun Isaac Marion. Juru damel filem Warm Bodies antawisipun David Hoberman, Todd Lieberman lan Bruna Papandrea. Juru paraga ingkang sami kadhapuk maragani filem punika antawisipun Nicholas Hoult, Teresa Palmer, Rob Corddry, Dave Franco, Analeigh Tipton, Cory Hardrict lan John Malkovich.[4]

Warm Bodies
Barkas:WarmBodiesPoster2013.jpg
Poster film Warm Bodies
DisutradaraniJonathan Levine
DiprodhuseriDavid Hoberman
Todd Lieberman
Bruna Papandrea
DiskénariyoniJonathan Levine
AdhedhasarWarm Bodies
déning Isaac Marion
DibintangiNicholas Hoult
Teresa Palmer
Rob Corddry
Dave Franco
Analeigh Tipton
Cory Hardrict
John Malkovich
DimusikiMarco Beltrami
Buck Sanders
SinématografiJavier Aguirresarobe
Dibesut déningNancy Richardson
Perusahaan
prodhuksi
Mandeville Films
Dibabar déningSummit Entertainment
Tanggal metu
Suwéné
98 menit[1]
NagaraAmerika Serikat
BasaBahasa Inggris
Rantaman$35 juta[2]
Kalarisan$116,980,662[2]

Filem Warm Bodies kagiyaraken kaping pisan wonten Kutha Roma ing surya 16 Januari 2013. Lajeng kababar kagem para pamirsa Amérikah Sarékat ing surya 1 Februari 2013.[5]

Juru paraga

  • Nicholas Hoult minangka R
  • Teresa Palmer minangka Julie Grigio
  • Rob Corddry minangka M/Marcus
  • Dave Franco minangka Perry Kelvin
  • Analeigh Tipton minangka Nora
  • Cory Hardrict minangka Kevin
  • John Malkovich minangka Kolonel Grigio

Pangulasing juru kritik

Film Warm Bodies pikantuk pangulasan rerata rerata saking para juru kritik. AdhedhasarRotten Tomatoes, filem niki nampi pandhemenan dumugi 81%, saking 191 pangulasan, kanthi rata-rata 6.8/10.[6] Sawetawis miturut Metacritic, filem niki pikantuk angka 60 saking 100, adhedhasar pambijinipun 39 juru kritik.[7]

Box office

Filem Warm Bodies kasil ngempalaken arta dumugi $66,380,662 saking panggiyaran ing Amerika Ler, lan $50,600,000 saking negari sanèsnipun, kanthi gunggung $116,980,662, nglangkungi ardhana ingkang sampun medal kagem kabetahan pandamelan, nggih punika $35 yuta.[2]

Rujukan

Pranala njawi