Kagawé saka bahan marmer. Ukurané kapara luwih gedhé tinimbang ukuran asli awak manungsa kanthi dhimènsi dhuwur 503 cm.
Duwé gaya klasik saka Yunani Kuna. Pose awak digawé kanthi tèknik consapilopilo. Sikil tengen dadi tumpuan awak, déné sikil kiwa kaangkat saéngga mènèhi kesan ngandeg kanthi santai. Pose Venus de Milo nuduhaké sikap ngaca ngagumi awaké dhéwé. Reca iki uga nuduhaké panrapan drappurmu sanadyan durung alus.
Tembung Milo bisa ateges kapuloan Melos, utawa jarwan tembung “apel” sajeroning Basa Yunani, tegesé patahan lengen ing saubengé papan tinemu reca sing katon pinuju nyekeli apel.