Tembung

bakal basa kang paling cilik kang dicaturaké dhéwé-dhéwé mawa isi sémantis lan pragmatis.

Tembung ing basa Indonésia diarani kata. Tembung iku swara lan campurané swara kang metu saka pocapan. Tembung uga nduwé teges gabungané aksara kang nduwé arti ing sawijining basa.

Jinis

Yèn dideleng saka babagan widya tembung (morfologi), tembung kapérang dadi rong jinis, yaiku:

Aktif/pasif

Miturut aktif utawa orané tembung Jawa kapérang dadi loro, yaiku:

Miturut wewangunan tembung

Yèn disawang miturut wewangunané, Basa Jawa iku ana manéka warna tembung, antawisé yaiku:

Golongan

Miturut golongané tembung ana 10 warna[1][2][3], yaiku:

Miturut kelas tembung:

  • Tembung kriya (Basa Indonésia: kata kerja utawa verba), tuladha: maca, nulis, mangan, nyapu
  • Tembung aran (Basa Indonésia: kata benda utawa nomina), tuladha: méja, lemari, buku.
    • Tembung sesulih (Basa Indonésia: kata ganti utawa pronomina), tuladha: aku, kula, kowé, panjenengan, iki, iku
    • Tembung wilangan (Basa Indonésia: kata bilangan utawa numeralia), tuladha: setengah, papat, enem
  • Tembung sipat/kaanan (Basa Indonésia: kata sipat utawa adjektiva), tuladha: seneng, susah, apik, putih
  • Tembung katrangan (Basa Indonésia: kata keterangan utawa adverbia), tuladha: kulon, wétan, tengah, ngisor

Tembung ayahan (basa Indonésia: kata tugas)

  • Tembung pangarep utawa tembung ancer-ancer, (Basa Indonésia: kata depan utawa preposisi), tuladha: ing, sing, saka, menyang
  • Tembung panyambung utawa tembung panggandhèng, (Basa Indonésia: kata sambung utawa konjungsi), tuladha: lan, sarta, wusana, mulané
  • Tembung panguwuh (Basa Indonésia: kata seru utawa interjeksi), tuladha: ah. èh, adhuh, wah
  • Tembung sandhangan utawa tembung panyilah, (Basa Indonésia: kata sandang utawa artikel / artikula), tuladha: Sang, Raden, Hyang, Kyai
  • Tembung partikel (Basa Indonésia: partikel), tuladha: -kah, -lah, -pun lan -tah

Rujukan

Deleng uga

Pranala njaba