Telescopium

Telescopium inggih punika salah satunggaling konstelasi alit ing sisih kidul ingkang dipundamel nalika abad kaping 18 déning Nicolas Louis de Lacaille, salah satunggaling astronom Prancis lan ugi satunggaling mahasiswa saking langit kidul. Namanipun inggih wujud Latin saking tembung ing Yunani kanggé teleskop.[1] Punika dipundamel kanggé ngurmati dipunpanggihakenipun teleskop.[2]Boten wonten nama Éropah kanggé lintang - lintang ing rasi punika. Tiyang Cina boten maringi nama kanggé α Tel (Kami, ingkang tegesipun mbebayani), lan γ Tel (ing jaman punika dipunsebat G Scorpii) minangka Chuen Shwo, ingkang gadhah makna mitologis.Telescopium kanthi periodik dipunsbeat "TUBUS Astronomicus", nanging nama punika ing wekdal sapunika sampun dipunlirwakaken. [2]

TELESCOPIUM

Peta Telescopium
CekakanTel
GenitifTelescopii
Asensio rekta19
Deklinasi−50
Area252 derajad pesagi (#57th)
Lintang utama2
Lintang
Bayer/Flamsteed
13
Lintang
mawa planèt
0
Lintang padhang0
Lintang cedhak2
Lintang paling padhangα Tel (3.49m)
Lintang paling cedhakGliese 754 ( tc)
Obyèk Messiernone
Rasi lintang
sing wewatesan
Ara
Corona Australis
Indus
Microscopium (corner)
Pavo
Sagittarius
Katon antara lintang +40° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi August.
'

Karakteristik

Telescopium inggih punika satunggaling konstelasi ingkang alit ingkang dipunkiteri déning konstelasi Sagitarius lan Corona Australis ingkang wonten ing sisih lor, konstelasi Ara ingkan wonten ing sisih kulon, konstelasi Pavo ingkang wonten ing sisih selatan, lan konstelasi Indus ingkang mapan wonten ing sisih wétan, ing sisih pojok ugi ugi wonten Microscopium ing sisih wétan radi lor. Manawi dipuncekak kanthi tigang aksara kanggé konstelasi, kados ingkang dipunadhopsi déning International Astronomical Union ing taun 1922, inggih punika 'Tel' [3]. Wates- watesaning konstlasi ingkang resmi kados ingkang sampun dipuntemtokaken déning Eugène Delporte ing taun 1930, ingkang dipunjabaraken déning poligon saking sekawan segmen. Wonten ing sistem khatulistiwa, koordinat ingkang paling leres minggihipun inggih ing koordinat watesanipun mapan wonten ing antawisipun 18 j  09,1m lan 20 j  29,5m, déné koordinat deklinasinipun wonten ing antawisipun -45,09 ° dan -56,98 °. [4].

Sajarah

Telescopium dipunwedalaken kaping sapisan ing taun 1751 - 1752 déning Nicolas Louis de Lacaille kanthi nama ing Prancis inggih punika le Telescope, ingkang nggambaraken satunggaling teleskop udara. Telescopium punika mapan ing langit, bentanganipun saking lor ing antawisipun Sagitarius lan Scorpio. [5] Johann Bode dipunsebat "Astronomische Fernrohr" ing taun 1805. "Gestirne" ingkang ukuranipun badhé tetep stagnan nanging Baily lan Gould lajeng ngirangi ingkang dados wates- watesanipun.[6] Konstelasi ingkang dipunkirangi kanthi kathah badhé ngicalaken sapérangan cahya pepadhanging lintang dhateng konstelasi sedherekipun: Beta Telescopii badhé éwah dados Eta Sagittarii,[2] ingkang punika malih saderengipun papan Lacaille ing telescopiumipun, [7] Gamma mapan wonten ing Scorpio lan dipun-gantos namanipun dados G Scorpii déning Benjamin Gould,[7]

Cathetan suku

Online sources

Cithakan:Stars of TelescopiumCithakan:Navconstel 19h 00m 00s, −50° 00′ 00″