Suku Batak Toba

Suku Batak Toba iku kalebu péranganing bebrayan Batak. Suku Batak Toba manggon ing Kabupatèn Toba Samosir.[1] Kabupatèn iki duwé tlatah yaiku Balige, Laguboti, Parsoburan, lan saubengé.[1]Suku Batak Toba kalebu suku kang seneng bisnis lan nduwéni usaha.[1]Wiwit jaman biyèn, suku batak Toba kalebu suku kang kerep nglaksanakake upacara adat ing saben kagiyatan.[2] Nanging saiki anané upacara adat iki kerep nggawe béda penemu sanajan ora njalari konflik.[2] Iki kasebabaké amarga faktor agama, akehé etnik lan asal ètnis, defusi adat yaiku campuré adat saben ètnis kaya ta anané perkawinan ing suku kang béda.[2] Saliyané iku uga amarga faktor globalisasi.[2]Tokoh adat Raja Patik Tampubolon nglompokaké geseré adat iku dadi telu yaiku anané telu pelaksanaan upacara adat.[2] Upacara adat iku kapérang dadi Adat Inti, Adat na Taradat, lan Adat na Niadathon.[2] Nanging saiki ana siji manèh tata cara upacara adat Batak yaiku Adat na Soadat.[2]Sistem kekerabatn Suku Batak Toba diatur ing sistem sosial kemasyarakatan kang diarani dalihan na tolu kang tegesé tungku yang tiga.[3] Ana telu pilar dhasar kang nglandhasi sistem iki yaiku hula-hula, anak boru, lan dongan tubu.[3]

Omah Batak Toba

Cathetan suku