Street Kings

Street Kings ya iku filem thriller laga saka Amérikah Sarékat sing digawé ing taun 2008. Filem iki disutradarani David Ayer, adhedasar skénario anggitané James Ellroy, Kurt Wimmer, lan Jamie Moss, diangkat saka lakon asli karyané Ellroy sing dianggit taun 1980, kanthi sesirah The Night Watchman. Sing maragani filem iki antarané Keanu Reeves, Forest Whitaker, Hugh Laurie, Chris Evans, Common. Street Kings dibabar kanggo pamirsa tanggal 11 April 2008.

Street Kings
Promotional movie poster
DisutradaraniDavid Ayer
DiprodhuseriLucas Foster
Alexandra Milchan
Erwin Stoff
DiskénariyoniJames Ellroy
Kurt Wimmer
Jamie Moss
Carita déningJames Ellroy
DibintangiKeanu Reeves
Forest Whitaker
Hugh Laurie
Chris Evans
Common
The Game
DimusikiGraeme Revell
SinématografiGabriel Beristain
Dibesut déningJeffrey Ford
Perusahaan
prodhuksi
Regency Enterprises
3 Arts Entertainment
Dune Entertainment III LLC
Emmett/Furla Films
Dibabar déningFox Searchlight Pictures
Tanggal metu
Suwéné
109 menit
NagaraAmérikah Sarékat
BasaBasa Inggris
Rantaman$20 yuta
Kalarisan$65.6 yuta[1]

Latar wuri

Street Kings sajatiné proyek sing wis dirintis saka taun 2005 sing saorané naté nyalonké rong sutradara (Spike Lee lan Oliver Stone), nanging pungkasané dijupuk déning David Ayer, panganggit skénario filem Training Day. Lan Keanu Reeves, sawisé maragakaké ing filem The Lake House, didhapuk dadi paraga baku. Filem iki nyritakaké bab Tom Ludlow (Keanu Reeves), sawijiné petugas kepolisian Los Angeles sing nandang kasusahan nglakoni uripé sawisé ditinggal mati déning bojoné. Tom sing ngayahi tugas sangisoré komando Kapten Jack Wander (Forest Whitaker) tansah ndem-ndeman saben dinané. Tom nyawiji ing kesatuan Kapten Jack Wander sing kadhang kala nggunakaké cara ora bener yèn ngrampungké prakara. Siji lan liyané padha nutupi boroké.

Sawijining dina, Tom, kanthi cara sing ora bener, kasil ngrampungaké sawijiné prakara penculikan bocah kembar. Sawisé cah loro kembar mau kasil dislametaké, Tom ditekani déning Terrence Washington (Terry Crews), bekas kancané Tom. Terrence nyoba ngélingaké Tom yèn ora kudu nganggo cara-cara sing ora bener. Pungkasané Tom krungu yèn Terrence dijak tembayatan déning Kapten James Biggs (Hugh Laurie) lan nyelidhiki kesatuané Tom. Tom nesu banjur nggolèki Terrence. Tom kasil nemu Terrence sing lagi lumebu ing salah sawijiné pasar swalayan lan péngin ngantemi Terrence. Sadurungé Tom nyembadani pepéningané, ana wong loro nggawa senjata lumebu ing swalayan uga. Tom péngin mènèhi ngerti Terrence, nanging telat, amarga tembak-tembakan kadhung dumadi, lan Terrence mati. Cilakané, salah sijiné peluru sing metu saka pestolé Tom jebul kena ing sisih mburiné Terrence. Untung baé Kapten Jack Wander teka lan ngaubi Tom kanthi ngowahi carita sing sabeneré. Pungkasané kadungkap yèn ana peluru liyané sing tinemu ing awaké Terrence.

Box office

Mula bukané, filem iki arep dibabar déning Fox Searchlight Pictures udakara sasi April 2008 kanthi sesirah The Night Watchman nanging pungkasané sesirah Street Kings sing kapilih. Sanajan filem akèh sing maido, nyatané filem iki kasil lumebu box office lan ngeruk bathi US$ 12 juta.[2][3][4][5][6][7] 

Ingkang maragani

  • Keanu Reeves
  • Forest Whitaker 
  • Hugh Laurie 
  • Chris Evans 
  • Cedric the Entertainer 
  • Common 
  • Cle Shaheed Sloan The Game 
  • Jay Mohr 
  • Terry Crews 
  • Naomie Harris 
  • Martha Higareda 
  • John Corbett 
  • Amaury Nolasco 
  • Clifton Powell 
  • Noel Gugliemi
  • Daryl Gates 
  • Angela Sun 
  • Michael Monks 
  • Kenneth Choi 
  • Walter Wong

Rujukan

Pranala njaba