Asil pangematan nggunakaké Scanning Electron Microscope nuduhake silia sel epitel paru-paru.
Silium (jamak Silia) ya iku organel sel kang duwé fungsi minangka piranti bantu perobahan kang nyolok saka sapérangan sel kang diametere kira-kira 0,25 μm lan dawane sakiwa-tengené 2 nganti 20 μm sarta lumrahé ana ing cacah akèh ing lumahing sel.[1] Silia béda karo flagela (bentuk jamak saka flagelum) kang fungsine lan diamtere pada karo silia, mung baé luwih dawa, ya iku sakiwa-tengené 10 nganti 200 μm.[1][2] Saliyané iku, cacahé flagela lumrahé terbatas, mung siji utawa luwih kanggo saben sel.[1] Akèh organisme eukariot uniseluler kang obah ing banyu kanthi bantuan silia lan flagela.[1] Yèn silia utawa flagela menthang saka sel kang minangka péranganing lapisan jaringan, silia lan flagela iki duwé fungsi kanggo nggerakake lendir kang kasil nyekel kotoran-kotoran cilik supaya metu saka paru-paru.[1]