Shèr kurma

Shèr kurma utawa Shèr khorma ( Pèrsi: شير خرما‎, salin aksara shîr xormâ‎ "susu lan kurma") minangka pudding l sing dicepakaké dening umat Islam ing Lebaran [1] lan Idul adha ing Afghanistan, Pakistan, India lan bagéan tlatah Asia Tengah .Panganan iki mangka sarapan riyaya muslim tradhisional, [a] lan panganan cuci mulut kanggo riyaya. Pasugatan iki digawé saka macem-macem woh-wohan garing, vermicelli, susu kenthel legi, gula dll. Gumantung ing tlatah kasebut, kapulaga, pistachio, almond, cengkeh, safron, kismis, lan banyu mawar uga ditambah.

Sheer khurma
Panggonan asalHerat, Afghanistan and a popular version evolved in Hyderabad, India
Tlatah utawa prajaIndian subcontinent, Central Asia
Woworan pokokVermicelli, milk, dates, cashew nuts, cardamom, butter
Buku masakan: Sheer khurma  Médhia: Sheer khurma

Olah-olahan iki disuguhaké nalika esuk dina Idul ing kulawarga sawisé sholat Id minangka sarapan, lan sedina muput menyang kabèh tamu sing disrawungi. Suguhan iki kawentar ing Sub-India lan Asia Tengah .

Bahan

Bahan utama sing digunakaké ing shèr kurma yaiku vermicelli, susu, gula, lan kurma .[3] Gumantung ing wilayah kasebut, kapulaga, pistachio, almond, cengkeh, safron, kismis, lan banyu mawar uga ditambah.[4]

Nyepakaké

Vermicelli diosèng ing mertega. Banjur susu ( shèr ) ditambah lan vermicelli diudhak maneh. Nalika campuran wis dadi kenthel, gula lan kurma ( khajoor ) ditambah karo woh-wohan garing liyané.

Deloken sisan

  • Olah-olahan Afghan
  • Olah-olahan Hyderabadi
  • Olah-olahan Pakistan
Shèr kurma ing mangkok

Cathetan

Kapustakan