Senam

Senam ya iku kalebu sajeroning cabang ulah raga kang nganggo grakan mbutuhake tenaga,lan bisa selaras antarané obahan fisik sing teratur.[1] Wujud modern senam ya iku: Palang tak seimbang, balok keseimbangan, senam lantai.[1] Wujud-wujudé iku mau bisa tumuwuh saka latihan kang digunakaké déning bangsa Yunani kuna kanggo numpaki lan mudun saka kéwan jaran lan sirkus.[1]

Senam

Senam racaké digunakaké wong kanggo rekreasi, relaksasi utawa nenangake pikiran, racaké ana sing dilakoake ing omah, ing panggonan kanggo senam utawa fitness, ing gymnasium utawa ing sekolah.[1]

Saiki, wiwit cilik wis akèh bocah cilik kang wis biyasa dilatih senam, diajari wong tuané utawa guru ulah raga ing sekolah.[1]

Senam iku wigati banget kanggo mbentuk awak, supaya awak dadi séhat lan seger.[1]

Senam jenise warna-warna, ana senam lantai, senam hamil, senam aerobik, senam pramuka, Senam Kesegaran Jasmani (SKJ), dsp.[2] Biasane ing sekolah dhasar utawa SD, guru-guru ngajarake senam-senam kang gampang dimangerteni déning murid-murid, kaya ta SKJ lan senam pramuka.[2] Nanging nalika wis wiwit remaja, akèh wong-wong kang nglakokaké senam aerobik, utawa senam-senam liyané kang kalebu meditasi kanggo nenangake pikiran.[2]

Dheleng uga

Cathetan suku

Gladri