Pujangga
(Kaelih saka Sastrawan)
Pujangga iku wong kang pinter ing babagan basa utawa kasusastran.[1] Utawa uga pujangga iku wong kang pinter nganggit-anggit, ya iku ngarang utawa ngracik, kasusastran utawa basa amarga olèh wahyu.[1] Para pujangga iku wis ana saka wiwitaning jaman, ing mèh kabèh budaya, lan ngripta karya-karya sastra awujud puisi (geguritan utawa tembang) mawa kwalitas kang séjé-séjé.[2]
Etimologi
Tembung pujangga iku varian saka tembung bujangga.[3] Ing basa Jawa Kuna, tembung bujangga iki katulis bhujangga lan kajupuk saka basa Sangskreta.[4] Ing jaman Jawa Kuna, bhujangga iki tegesé para brahmana anom utawa siswané para brahmana.[4]
Ciriné Pujangga
Pujangga iku kasinungan kalimpadan kang cacahé ana wolu[5] yaiku:
- Paramèngsastra yaiku ahli ing babagan sastra, ahli basa
- Paramèngkawi yaiku ahli ing babagan reriptan, ahli ngarang.
- Awicarita yaiku limpad ing dongèng utawa carita kang nyenengaké
- Mardawa-lagu yaiku pinter bab tembang lan gendhing. Mardawa tegesé alus.
- Mardawa-basa yaiku ahli bab migunakaké basa kang ngresepaké, kang jalari trenyuhing ati, kang mahanani gumbira, kang nenangi sih wilasa, lan sapanunggalané.
- Mandraguna yaiku wasis banget ing kagunan.
- Nawungkridha yaiku alus pangrasané nganti bisa nanggapi krenteging atiné wong liya.
- Sambégana yaiku utama banget uripé.
Réferènsi
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaPitulungPallywoodMahasiswaWikipédiat4yfpMirunggan:Golèktu4kjNaraguna:Altair Netraphim/bak wedhi3Perang Donya IIWikipédia:Sélakan umumSepongSurat Adh DhuhaPitulung:IsiMirunggan:Owahan anyarSinarmas GroupSurat Al QadrPanggulawenthahGapuraAksara CarakanWikipédia:SesambunganSurat As SajdahWikipédia:BabGapura:PaguyubanMinal 'Aidin wal-FaizinFacebookSekseWikipédia basa JawaCumbanaWikipédia:Pronunciation respelling keyꦄꦏ꧀ꦱꦫꦕꦫꦏꦤ꧀NgrokokJavaScriptWikipédia:Sugeng rawuhRéboisasiCumbana payudaraKategori:215WisnuNaraguna:Bebasnama