Sanandaj

Sanandaj Ngenani wuni iki pangucap  (Kurdhi: سنەSine; Pèrsi: سنندج‎‎) ya iku kutha krajané Provinsi Kurdhistan lan kutha sana budayané wong Kurdhi ing Iran. Kanthi gunggung cacah jiwa 414.069 wong,[1] Sanandaj mujudaké kutha paling gedhé ing Iran ing urutan ka-23 lan kuthané wong Kurdhi sing gedhé dhéwé nomer loro. Kutha Sanandaj iki nembé diyasa udakara 200 taun kapungkur, sanajan mangkono, kutha kuwi uwis kasil tuwuh dadi punjering kabudayan Kurdhi.[2][3]

Sanandaj
سنندج
سنە
Sine
Kutha
Official seal of Sanandaj
Lambang
Sanandaj kapernah ing Iran
Sanandaj
Sanandaj
Koordhinat: 35°18′52″N 46°59′32″E / 35.31444°N 46.99222°E / 35.31444; 46.99222 46°59′32″E / 35.31444°N 46.99222°E / 35.31444; 46.99222
Nagara Iran
ProvinsiKurdhistan (provinsi)
CountySanandaj (county)
BakhshCentral
Pamaréntahan
 • WalikuthaHeshmatollah Seydi
Laladan
 • Gunggung3.033 km2 (1,171 sq mi)
Élepasi1.538 m (5,046 ft)
Cacah warga (2016)
 • Gunggung432.330
 • Pepadhet140/km2 (370/sq mi)
Zona wektuIRST (UTC+3:30)
 • Usum panas (DST)IRDT (UTC+4:30)
Kodhe laladan087
IklimCsa
Situs wèbe-sanandaj.ir

Masarakat

Musiyum Sanandaj

Padunungé Sanandaj akèh-akèhé wong Kurdhi. Kutha iki uga duwé minoritas wong Arménia sing alon-alon pindhah saka kutha iki. Nganti Révolusi Iran ing taun 1979, kutha kasebut nduwéni bebrayan cilik sing dumadi saka wong Yahudi sing nuturaké basa Aram lan cacahé udakara 4.000 wong.[2] Kutha iki nduwé akèh bebrayan wong Suryani sing nyaturaké dhialèk Aram sing mirunggan, sing dikenal minangka Senaya.Ékonominé kutha Sanandaj iku gumantung marang prodhuksi babut, kulit kéwan sing wis digarap, beras sing wus digiling, gula sing disaring, pandhé kayu, tenun kapas, piranti wesi lan piranti mangan.[4][5]

Dhialèk Ardalani saka basa Kurdhi dituturaké ing Sanandaj lan ing wewengkon sakupengé. Dhialèk Ardani iku dhialèk sing mirunggan ing provinsi Kurdhistan lan dituturaké ing Sanandaj lan kutha-kutha liyané ing provinsi Kurdhistan. Dhialèk liyané saka basa Kurdhi Sorani ya iku Mokriani sing dicaturaké ing wewengkon Mokrian, ing kutha Piranshahr lan Mahabad, prenahé ing provinsi Azerbaijan Kulon.

Ing 27 Fèbruari 2017, salah sawijining griya sakit pawiyatan paling gedhé ing pérangan kulon Iran duwèké nagara dikepyakaké ing Sanandaj, déning Mantri Kasarasan, Hassan Qazizadeh Hashemi.[6]

Nalika anané Révolusi Iran, kutha iki dikuwasani déning Komalah sawatara wektu.

Wong kondhang saka Sanandaj

Kelompok musik tradhisional Kurdhi sing kondhang saka Sanandaj ya iku The Kamkars, uga ana sawenèh penyanyi misuwur saka wewengkon iki kaya ta, Sayed Ali Asghar Kurdistani, Abbas Kamandi, Nasser Razazi lan Mazhar Khaleqi, saka Sanandaj. Ahli ékonomi uga pangripta saka Swèdhen, asli saka Kurdhi-Iran, Tino Sanandaji lair ing Sanandaj. Kutha iki uga mujudaké papan lairé rapper kondhang asli Kurdhi-Jerman Azad.[7]

Gladri gambar

Rujukan

Pranala njaba