Sajadah
Sajadah ya iku alas kang kanggo salat, wujudé karpet lan sakpanunggalané ukuran cilik, kurang luwih 80 x 120 cm.[1] Sajadah iku digawé saka bahan karpet.[2] Sajadah nduwéni manéka ukuran lan warna.[2] Manéka ukuran sajadah ana telung ukuran.[2] Kaping pisan ukuran meteran lumrahé kanggo masjid, kaping loro ukuran sedheng utawa sakukuran kanggo wong siji lan kaping telu ukuran cilik kanggo bocah cilik.[2] Sajatiné bahan-bahan kang kanggo gawé sajadah padha nanging bahan kanggo gawé sajadah bocah cilik iku lumrahé saka kain flannel.[3] Kain flannel iku bahané alus, ora gampang luntur, kepénak digunting, bisa dijait, dilém katimbang kain-kain liyané.[3] Kain flannel uga duwé mligine kain kang béda karo liyané ya iku bab manéka warna kaya ta ana warna abang, kuning, ijo,ungu, klawu, abang enom lan ireng.[3].
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/64/Prayermat.jpg/220px-Prayermat.jpg)
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/2/27/03102011%28001%29.jpg/250px-03102011%28001%29.jpg)