Radhiyasi èlèktromagnètik

aliran kang ngandhut muatan setrum lan berani kang bisa ngrambat tanpa parantara

Radhiasi èlèktromagnetik yaiku kombinasi antarané médhan listrik lan médhan magnet kang nglakoni osilasi lan mrambat ngliwati ruang lan nggawa ènèrgi saka siji panggon menyang panggon liyané.[1] Cahya kang katon yaiku siji wangun saka radhiasi èlèktromagnetik.[1] Panelitèn teoritis ngenani radiasi elektromagnetik dijenengi elektrodinamik, sub-babagan èlèktromagnetisme.[1] Gelombang èlèktromagnetik tinemu déning Heinrich Hertz.[1] Gelombang elektro magnetik kalebu ana ing gelombang tranversal.[1] Saben momotan listrik kang duwé percepatan mancarake radhiasi èlèktromagnetik.[1] Nalika kawat (utawa panghantar kaya antena) ngirimka arus bolak-balik, radhiasi èlèktromagnetik dirambataké ing frekuensi kang padha karo arus listrik.[1] Gumantung saka situasi, gelombang elektromagnetik bisa dadi kaya gelombang utawa kaya partikel.[1] Minangka gelombang, dicirike déning kecepatan (kecepatan cahya), dawa gelombang, lan frekuensi.[1] Nalika dadi partikel, mereka gelombang dadi foton, lan duwé ènergi kang ana gandhengane karo frekuensi gelombang dituduhake déning gayutan Planck E = Hf, yaiku E ènergi foton, h konstanta Planck — 6.626 × 10 −34 J·s — lan f frekuensi gelombang.[1]Einstein banjur nganyari rumus iki dadi Ephoton = hf.[1]

Radiasi elektromagnetik sinar putih ing prisma (optik)
Spektrum elektromagnetik

Gelombang èlèktromagnetik

Kang kalebu ing gelombang èlèktromagnetik[2]

GelombangPanjang gelombang λ
gelombang radhio1 mm-10.000 km
infra abang0,001–1 mm
cahya katon400-720 nm
ultra violèt10-400 nm
sinar X0,01-10 nm
sinar gamma0,0001-0,1 nm

Sinar kosmis ora kalebu gelombang èlèktromagnetik amarga dawané gelombang luwih cilik saka 0,0001 nm.[2] Sinar kang dawane gelombang gedhé, yaiku gelombang radio lan infra abang, duwé frekuensi lan tingkat ènèrgi kang luwih cendhèk. Sinar kang gelombang cilik yaiku, ultra violèt, sinar x utawa sinar rontgen, lan sinar gamma, duwé frekuensi lan tingkat ènèrgi kang luwih dhuwur.[2]

Cathetan suku