Réggaé

Reggae ya iku kombinasi saka iringan tradhisional Afrika, Amérika, lan Blues sarta folk (tembang rakyat) Jamaika.[1] Reggae minangka irama kang misuwur saka nagara Jamaika kanthi nganggo elemen folk lan rock, ska, callypso lan mento disuguhake ing garis bass nganggo hentakan ing sela-selane tabuhan drum.[2]

Bob Marley, salah sijiné musisi reggae

Sajarah

Taun 1968 akèh diarani taun kelairane musik reggae.[1] Sajatiné ora ana prastawa mirunggan kang dadi pratanda mula bukane, kajaba malihe selera musik wong-wong Jamaika saka Ska lan Rocksteady, kang tau kawentar ing kalangan nom-noman nalika taun wiwitan nganti pungkasan taun 1960-an,ing irama musik anyar kang tempone luwih kalem, ya iku reggae.[1] Tembung reggae diarani asalé saka pangucapan tembung "ragged" ing logat utawa dhialèk Afrika.[1] Tembung "ragged" tegesé gerak kagok kaya obahing awake wong kang njoged nganggo iringan ska utawa reggae.[1] Wirama musik reggae dhéwé kadayan elemen musik R&B kang lair ing New Orleans, Soul, Rock, ritmik Afro-Caribean (Calypso, Merengue, Rhumba) lan musik rakyat Jamaika yang karan Mento, kang sugih déning wirama Afrika.[1]Reggae iku pancen musik unik kanggo Jamaika, nanging ironise asalé iku saka New Orleans R&B.[1]

Cathetan suku