Prefektur Gunma (群馬県,Gunma-ken?) inggih punika prefektur Jepang ingkang mapan wonten ing wewengkon Kanto, PuloHonshu, Jepang[1][2]. Kutha krajan prefektur punika Maebashi.
Kala rumiyin, Gunma punika kagabung kaliyan Tochigi lan dipunsebat Provinsi Kenu. Provinsi punika lajeng dipunperang malih dados Kami-kenu (Kenu Atas) lan Shimo-kenu (Kenu Bawah). Kathahipun ing sajarah Jepang, Gunma langkung kawéntar minangka Provinsi Kozuke.
Gunma kalebet prefektur paling baratlaut ing Kanto. Ing Gunma kathah pagunungan ing sisih lèr kanthi populasi langkung konsèntrasi dhateng pérangan kidul ingkang madep Prefektur Saitama. Prefektur punika gadhah iklim ingkang adhem langkung sami kados Wewengkon Hokuriku tinimbang dhataran andhap Kanto. Wujuding wewengkon Gunma punika kados manuk bangau ingkang nembé mabur (Jomo Karuta).
Tanggal 1 Januari 2005, kutha-kutha alit ingkang rumiyinipun mawi nama Akabori lan Sakai ugi désa ingkang kala rumiyin gadhah nama Azuma saking Distrik Sawa kagabung dados pawiyaran kutha Isesaki.
Ing tanggal 5 Dhésèmber 2004, kutha alit ingkang rumiyin anama Ogo ugi désa-désa anama Kasukawa lan Miyagi saking Distrik Seta kagabung dados pawiyaran kutha Maebashi.
Industri modern Gunma kados ta piranti transportasi lan elektronik kanthi pusatipun wonten ing Maebashi lan wonten ing wewengkon wétan ingkang langkung caket kaliyan Tokyo. Ing Gunma punika kathah indhustri tradhisional kados sutra lan tetanèn.
Simbol Prefektur punika kanji saking tembung 'Gunma' dipunubengi déning tigang gunung minangka simbol tigang gunung utami ing Prefektur Gunma: Gunung Haruna, Gunung Akagi, lan Gunung Myogi.