Préfèktur Ehime

Préfèktur Ehime (愛媛県 Ehime-ken?) inggih punika prefektur Jepang ing sisih lèr-kilèn Pulo Shikoku [1][2]. Kutha krajan prefektur mapan wonten ing Matsuyama.

Peta Prefektur Ehime


Ehime Prefecture
愛媛県
Prefecture
Trankripsi Japanese
 • Japanese愛媛県
 • RōmajiEhime-ken
Gendéra Ehime Prefecture
Gendéra
Official logo of Ehime Prefecture
Emblem
Location of Ehime Prefecture
CountryJapan
RegionShikoku
IslandShikoku
CapitalMatsuyama
SubdivisionsDistricts: 7, Municipalities: 20
Pamaréntahan
 • GovernorTokihiro Nakamura (since December 2010)
Laladan
 • Gunggung5,676,23 km2 (2,19.160 sq mi)
 • Urut laladan26th
Cacah warga (June 1, 2019)
 • Gunggung1,342,011
 • Urut pepadhet26th
 • Pepadhet0,24/km2 (0,61/sq mi)
Kodhe ISO 3166JP-38
Situs wèbwww.pref.ehime.jp/index-e.htmlCithakan:Infobox region symbols

Sajarah

Dumugi Reformasi Meiji, Prefektur Ehime kawéntar minangka Provinsi Iyo. Awit saking sadèrèngipun periode Heian wewengkon punika kathahipun warigaluh lan pelaut ingkang gadhah peranan wigati anggènipun njagi Jepang saking serangan sekuthu lan invasi Mongol. Bibar Pertempuran Sekigahara, Tokugawa shogun maringi wewengkon punika dhumateng sekuthunipun, kalebet Kato Yoshiakira ingkang yasa Bèntèng Matsuyama, dhasar saking kutha modern kanthi nama Matsuyama.

Géografi

Mapan wonten ing lèr-kilèn Shikoku, Ehime madep Laut Pedalaman Seto ing sisih lèr lan winatesan kaliyan Prefektur Kagawa lan Tokushima ing sisih wétan lan Kochi ing sisih kidul. Prefektur Ehime gadhah pagunungan inggil ing tengahing dharatan lan garis pasisir ingkang dawa mawi kathah pulo alit ing Laut Pedalaman Seto.

Kutha-kutha

  • Imabari
  • Iyo
  • Matsuyama (kutha krajan)
  • Niihama
  • Ozu
  • Saijo
  • Seiyo
  • Shikokuchuo
  • Toon
  • Uwajima
  • Yawatahama

Kutha alit lan désa

Wonten ing ngandhap punika pratélan nama kutha alit lan désa dhedhasar dhistrik.

  • Distrik Iyo
    • Futami
    • Masaki
    • Nakayama
    • Tobe
  • Distrik Kamiukena
    • Kumakogen
  • Distrik Kita
    • Uchiko
  • Distrik Kitauwa
    • Kihoku
    • Matsuno
    • Mima
    • Tsushima
    • Yoshida
  • Distrik Minamiuwa
    • Ainan
  • Distrik Nishiuwa
    • Honai
    • Ikata
    • Misaki
    • Seto
  • Distrik Ochi
    • Kamijima

Gabungan

Pawiyaran Imabari

Nalika 16 Januari 2005 11 kutha alit lan désa saking Distrik Ochi kagabung ing kutha (pawiyaran) Imabari. Kutha alit lan désa ingkang kalebet ing panggabungan punika ya iku Asakura, Hakata, Kamiura, Kikuma, Miyakubo, Namikata, Omishima, Onishi, Sekizen, Tamagawa, lan Yoshiumi.

Pawiyaran Matsuyama

Tanggal 1 Januari 2005 kutha ingkang rumiyinipun kawéntar minangka Hojo lan kutha alit Nakajima saking asalipun Distrik Onsen (ical amargi panggabungan punika) kagabung ing kutha (pawiyaran) Matsuyama.

Pawiyaran Saijo

Ing 1 November 2004 kutha ingkang sadèrèngipun Toyo lan kutha alit Komatsu ugi Tanbara saking asalipun Distrik Shusou (ical amargi panggabungan punika) kagabung ing kutha Saijo.

Panggabungan Kamijima

Tanggal 1 Oktober 2004 Ikina, Iwagi, Uoshima, lan Yuge (sadaya saking Distrik Ochi) gabung damel kutha énggal kanthi nama Kamijima.

Panggabungan Seiyo

Nalika tanggal 1 April 2004 sadaya kutha alit lan désa ing Distrik Higashiuwa (ical amargi panggabungan punika) ugi Mikame saking Distrik Nishiuwa kagabung damel kutha énggal kanthi nama Seiyo.

Ékonomi

Wewengkon ing sakiwa tengenipun Matsuyama gadhah kathah indhustri, kalebet damel kapal, kimia, panyulingan lenga, lan produk kertas ugi tekstil. Wewengkon kutha saking prefektur punika kathahipun tumpunipun ing indhustri tetanèn lan perikanan. Kajawi punika wonten ugi ingkang kawéntar mawi jeruk lan budidaya mutiara.

Dhémografi

Kabudayaan

Pariwisata

Simbol prefektur

Sanèsipun

Tegesipun Ehime punika "wanita ingkang ayu". Nama mau asalipun saking Kojiki, ingkang maringi nama papan mau minangka Ehime (愛比売).

Cathetan suku

Pranala njawi

Cithakan:Ehime