Peté

Petai or Sato
Peté
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Plantae
Unranked:Angiosperms
Unranked:Eudicots
Unranked:Rosids
Ordho:Fabales
Famili:Fabaceae
Génus:Parkia
Spésies:P. speciosa
Jeneng binomial
Parkia speciosa
Hassk.

Peté utawa mlanding nduwéni jeneng latin Parkia speciosa.[1] Peté kalebu tuwuhan taunan tropika saka suku polong-polongan utawa Fabaceae.[1] Peté iki saka anan suku petai-petaian kang jeneng latiné Mimosoidae.[1] Tuwuhan iki urip kasebar ing Indonésia wewengkon kulon utawa barat.[1] Wijiné kang diarani peté lumrahé dipangan nalika isih anom.[1] Peté bisa dipangan nalika isih seger lan uga dimasak.[1] Yèn dipangan nalika isih seger lumrahé kanggo lalapan nganggo sambel.[1]

Dhèskripsi

Wit peté urip taunan. Dené dhuwuré bisa nganti tekan 20 mèter.[2] Godhongé kalebu godhong majemuk, kang susunané sajajar ing bonggol.[2] Kembangé thukul ing cedhaké pucuk pang.[2] Wohé gedhé, dhapuré dawa, kaya woh polong-polongan.[2] Woh peté lumrahé ombyokan. Saben sakombyok bisa isi nganti welasan woh peté.[2] Saben sapeté kang dawa ana kurang luwih 20 wiji ing njero polong peté kang dawa.[2] Wiji peté wernané ijo nalika isih nom lan ana selaput rada kandel kang mbungkus wiji peté.[2] Selaput iki wernané coklat padhang.[2] Woh peté bakal garing yèn wis mateng lan wijiné padha ucul.[2]

Wiji peté ambuné khas lan rada mirib jéngkol utawa jering.[3] Peté bisa dipangan nalika isih seger lan bisa uga dicampur ing masakan.[3] Kaya ta sambel goréng ati kang katon tambah sedhep yèn ditambah peté.[3] Saliyané iku peté uga bisa kanggo campuran sego goréng, lumrahé diarani sego goréng peté. Ana uga kang diarani sambel peté, ya iku peté kang diosèng karo sambel.[3] Yèn wis tuwa kulit peté malih dadi ireng.[4]

Peté digandhulna

Wiji peté racaké didol ombyokan karo polongé.[5] Nanging, peté uga ana kang dibungkus kanthi modhèren ya iku nganggo plastik utawa stirofoam kang dibungkus plastik kang kedhap udara.[5]

Kena ing guna

Nadyan ambuné kurang énak nanging peté nduwéni khasiat kanggo kaséhatan.[5] Peté bisa nguwataké pinggang. Peté uga kena kanggo obat lara boyok utawa bangkékan.[5] Kanggo wong kang nduwéni lara ing bangkékan bisa mangan peté saben dina kanggo tamba.[5] Kanggo wong kang durung kena lara bangkékan lan kepéngin nyegah lara bangkékan uga kena mangan peté kanthi dimasak utawa diolah dadi panganan kaya iwak teri yèn dimasak pedhes.[5] Masakan iki diarani balado teri Peté.[5]

Khasiat

Peté kang lumrahé mung kanggo lalapan utawa kanggo ngancani sambel uga bisa diolah dadi tablèt multivitamin lan suplemen multiguna.[6] Peté ngandhut antioksidan kang bisa diolah lan dadi investasi ing tablét multivitamin kang bahan dhasaré saka peté.[6] Tablét multivitamin kang bahané saka peté iki bisa diombé sapa waé kalebu wong kang ora seneng ambuné peté, awit tablét iki ora mambu kaya peté nalika durung diolah.[6]

Asil olahan

Peté bisa kaolah dadi warna-warna masakan.[6]

  • sambel goréng ati peté
  • sambel peté
  • belada teri peté
  • kripik peté
  • lalapan
  • balado peté
  • peté gorèng
  • lodhèh peté
  • ati pitik lan peté masak Padang

Cathetan suku