Perth

Perth
Sesawangan kutha Perth saka Kali Swann
300px|Lokasi Hobart
NagaraAustralia
PrajaAustralia Kulon
Tanggal jadi1829
Jembar wewengkon5.386 km2
Penduduk1.507.900 (Sensus 2006)
 -Kapadhetan280/km2
BasaBasa Inggris
ZonaAEST(UTC+8)
AEDT (UTC+9)

Perth iku kutha krajan Praja Australia Kulon, praja gedhé dhéwé ing Australia. Sasi Juni 2003, Laladan Metropolitan Perth duwé populasi watara 1.433.217 jiwa, ndadèkaké kutha gedhé dhéwé kapapat ing Australia.

Géografi

Perth dumunung ing pasisir kulon ing Praja Australia Kulon. Kutha mau madeg ana ing gisiking Kali Swan.

Sajarah

Wiwitané, Perth iku kutha krajan Koloni Kali Swan kang madeg ing taun 1829. Saka panyuwuné para pengusaha lan wong tani, ing taun 1850 Perth dadi papan panampungan narapidana kanggo sumber tenaga kerja kang murah, lan bab iku dadi praktèk kang biyasa ing jaman dhisik.

Jeneng Perth dipilih déning James Stirling ing taun 1829 dhedhasar panjaluké Sir George Murray, Sekretaris Koloni, kang njaluk supaya panggonan mau dijenengi njupuk saka papan klairané, Perthshire. Tanggal 12 Agustus 1829, Helen Dance negor wit ing panggonan iku minangka tandha ngadegé kutha mau.

Pranala njaba

Cithakan:Praja Australia