Paprangan Kadesh

(Kaelih saka Pertempuran Kadesh)

Paprangan Kadésh (utawa Paprangan Qadesh), ya iku paprangan antarané prajurit Kamaharajan Mesir kang dipanggedhèni déning Pirngon Ramesses II ngelawan Kamaharajan Het kang dipanggedhèni déning Muwatalli II.[9] Pertempuran iki ana ning kutha Kadesh ning kali Orontes, panggon kang saiki dadi pérangan tekaRepublik Arab Suriah.[10]

Paprangan Kadesh
Péranganing Kampanye Suriah kedua Ramesses II

Ramesses II di atas kereta perang padha Paprangan Kadesh (relief sajeroning kuil Abu Simbel.)
TitimangsaAkhir Mèi 1274 SM[1]
PernahSungai Orontes dekat Kadesh
Asil

Taktis: kedua pihak mengklaim kemenangan[2][3]
Operasional: kekalahan Mesir (kampanye berakhir dengan mundurnya Mesir)

Strategis: kemanangan Het (Kamaharajan Het meluas ke selatan sampai ke Upi)[4]
Péhak kang perang
Karajan Baru MesirKamaharajan Het
Pangarep
Ramesses IIMuwatalli II
Kakuwatan

20,000 wadya
(setengahnya bertempur)

  • 16,000 infantri[5]
  • 2,000 kereta perang[6]

50,000 wadya

  • 40,000 infantri[7]
    (tidak bertempur)
  • 3,700 kereta perang[7]
Kurban
Tak diketahuiTak diketahui

Pertempuran iki kedaden ing taun 1274 SM,[Catatan 1] lan salah sijining pertempuran tuwa dhéwé kang kecatet ing sajarah kang dingertèni rincian taktik lan formasine.[11]Pertempuran Kadésh uga mungkin pertempuran kang meluake kereta perang paling akèh, kira-kira antarané 5,000–6,000 kereta perang digunake déning loro pihak ing paperangan mau.[3]

pungkasan teka pertempuran iki ora dimangerti sèng pasti, amarga pihak Mesir lan Het padha-padha mengklaim duwé kamenangan.[2] déné semono konflik antarané bangsa Mesir lan Het dipungkasi karo kesepatan damai sauntara taun sakbare pertempuran iki. Perjanjian damai mau kui kasepakatan internasional katulis tuwa dhéwé kang isih nganti saiki.[3]

Sumber

Sumber informasi peristiwa iki ya iku saka cathetan Mesir sipertempuran iku. Mutu umum akurasi teka lapuran kui diterima meski ana pira-pira kesalahan faktual lan propaganda.[Catatan 2] Sifat bombastis versi Ramesses II dhéwé wis sue dipercaya.[Catatan 3] Versi Mesir kang bahas Pertempuran Kadesh iki dicatet ing 2 wujud utama kang kakenal Puisi lan Buletin. Puisi wes dipercaya dadi sajak kang aktual, dibandingke karo lapuran prosa kang mirib karo kang wis dicatet para firaun liyané, ngono uga Buletin kang dadi katerangan dawa kang mbarengi relief.[15][Catatan 4] Prasasti iki diulangi kaping pira-pira ambalan (Buletin kaping 7 lanPuisi kaping 8 ing njero kuil Abydos, Luxor, Karnak, Abu Simbel dan Ramesseum).[17]

Liyane cathetan dawa iki, ana uga katerangan-katerangan cekak kang digunake kanggo nunjuke pira-pira unsur pertumpuran iki. Saliyané prasasti, ana kedaden tekstual kang diabadike ing Papirus Raifet lan Papirus Sailler III.[18] Kedaden-kedaden kang padha kui uga mau ing sapucuk surat teka Pirngon Ramesses II marang Hattusili III, kang ditulis kanggo nanggepi keluhan Hattusili kang wis ngejek marang panggambaran kang jaya mengenai pertempuran kui déning sang Pirngon.[19]

Catatan Het mengenai pertempuran kui, uga surat ing dhuwur, wis ditemuake ing Hattusa, nanging ora ditemuke catatan kedaden kang nggambarke pérangan teka paristiwa kampanye militèr. Alih-alih, ana pira-pira catatan kang nyebutke pertempuran kui dalam konteks paristiwa liyané. Secara mirunggan hal iki kelakon ing Hattusili III. Kanggo dhèwèké pertempuran kui nandake tonggak bersejarah ing karire, amarga ndekne mèlu peran ing nyelesekke konflik antarané Mesir lan Het.[20][21]

Para arkeolog ora bisa nguji kanthi bébas saben kedaden kang dicaturaké manèh ing catatan Mesir lan Het mengenai Pertempuran Kadesh. Pengetahuan pertempuran sekabehe berasal teka lapuran-lapuran kang ana ing catatan Mesir lan Het, sakuntara kalorone padha tidak sepakat siji marang liyané, yakui yèn padha-padha pihak ngeklaim duwé kamenangan ing pertempuran mau.[2][3]

Meski ana luwih akèh bukti ing wujud tèks lan relief témbok ngenai pertempuran iki tinimbang pertempuran lyane ing Timur Dekat Kuno, meh kabèh isi rincian teka sudut pandang wong Mesir, lan bener lapuran ilmiah kapisan ngenai pertempuran iki, digawé déning James Henri Breasted taun 1903, njiuk bukti teka Mesir kaliyan barès lan ngasumsi kemenangan gedhé Mesir. Ndekne yakin sumber-sumber kui dimungkinke merekonstruksi pertempuran kui mesti bener.[22]

Latar belakang

Banjur ngusir wangsa kaping 15 Hyksos, para penguasa pribumi Karajan anya Mesir dadi luwih agresif ing duwé manèh kekuasaan wates nagara. Thutmose I, Thutmose III lan putra lan wali ratu Amenhotep II ngelakokake pira-pira pertempuran teka Megiddo ngalor tekan Kali Orontes, kalebu konflik karo Kadesh.[23]

Akeh cathetan kampanye Mesir wantara taun 1400 SM lan 1300 SM ngetoke ora stabile umum ing wewengkon Djahi. Pamaréntahan Thutmose IV lan Amenhotep III ora menonjol, kecuali Mesir terus-terusan kilangan wewengkon kekuasaan amarga direbut déning Karajan Mitanni ing Suriah utara.[24][25][26][27]

Kamaharajan Mesir padha mangsa Ramesses II (hijau) berbatasan dengan Kamaharajan Het (merah) padha mangsa kejayaannya sek. 1279 SM

Pada akir wangsa kaping 18 Mesir, Surat Amarna[28] mencaritakan kisah mengenai berkurangnya prabawa Mesir di wewengkon itu. Bangsa Mesir menunjukkan minat yang terus menurun terhadap wiayah ini hingga penghujung mangsa wangsa. Horemheb, penguasa terakhir wangsa ini, yang melakukan kampanye militèr di wewengkon ini, padha akhirnya wiwit membuat orang Mesir kembali tertarik padha wewengkon ini.[29][30]

Prosès iki dilanjutke ing wangsa kaping 19. Kaya ramane Ramesses I, Seti I komandan milter lan merjuangke memulihke Kamaharajan Mesir kaya ing mangsa ratu-ratu Thutmose meh seabad sadurungé. Prasasti ing témbok kuil Karnak ncatet rincian kampanye militere marang Kanaan lan Suriah.[31] Ndekne nggowo 20.000 wadya lan kembali nguwasani manèh pos-pos Mesir kang mbiyèn dijarke lan nempatke garnisun ing kutha-kutha kui. Ndekne nyepakati perdamaian ora resmi karo bangsa Het, duwé kendali ing wewengkon pasisir sedawane Laut Tengah, lan neruske kampanye militèr ing Kanaan. Kampanye militèr kang ke2 ndadeake ngerebut Kadesh (ing kana ana prasasti digawé memperingati kemenangane) lan Amurru. Putra sisan pewarise, Ramesses II, uga mèlu sarta ing kampanye kui. Catatan sajarah kang ana nunjukke pesenan senjata ana jumlah kang akèh déning Ramesses II setaun sedurunge ndekne lumakuake èkspèdhisi ing Kadesh taun lima pemerintahane.[32]

Nanging, ing suatu waktu, apik Kadesh lan Amarru dikuasai manèh marang bangsa Het.[33] Ana perdebatan ngenai apa kang sebenare kedaden ing Amarru. Miturut Trevor Bryce meski wewengkon kui tiba manèh marang kendali Het, luwih gedhé kamungkinan Amurru tetep dadi nagara ngisoran Het.[34]

Peristiwa kang ngarepi Pertempuran Kadesh yakui kampanye awal Ramesses II ing Kanaan. Wantara taun kepapat pemerintahanne, ndekne bergerak ngalor ngeleboni Suriah. Karepe ya iku kanggo ngerebut manèh Amurru[35] mungkin uga upaya kanggo nyelidiki, mastiake kesetian nagara ngisorane, lan njelajahi kondisi medan kanggo pertempuran kang mungkin kedaden.[34] Perebutan manèh Amurru déning Ramesses gawé Muwatalli obah ngidul kanggo ngadepi prajurit Mesir. Ramesses ngalor ing taun kelima pemerintahane lan ngadepi prajurit Het ing Kadesh.[32]

Kampanye Kadesh

Pasukan Ramesses nyeberangi wates Mesir ing mangsa semi taun kelima pemerintahane lan sawisé berarak wantara sewulan, tiba ing wewengkon Kadesh teka arah kidul.[36][37]

Raja Het, Muwatili, seing wis mengumpulke pira-pira sekuthu (antarané ya iku Rimisharriana, ratu Aleppo) ndokok wadyabalae ing mburi "Kadesh Lama". Nanging Ramesses, amarga disesatke déning 2 wong mata-mata kang ketangkep déning prajurit Mesir, ngira prajurit Het ijeh adong ing Aleppo, ndadeake ndekne ngakon wadyabalae ngedeke pekemahan.[37]

Pasukan

[[Berkas:Phalanx of the Khita.png|200px|thumb|right|Ilustrasi prajurit infantri Kamaharajan Het.]]Ing mangsa semi taun kaping lima pemerintahane, trepe ing wulan Mèi 1274 Sedurung Masehi, Ramesses ngelakokake kampanye teka kutha krajané Pi-Ramesses (Quantir modhèren). Ramesses mimpin prajurit kang kapérang dadi 4 divisi: Amun, Re (P're), (Suteh), lan divisi Ptah kang ketoke anyar digawé.[37][38] Ana uga prajurit kang didokumentasike wujud èlèk kang diarani nrnn (Ne'arin utawa Nearin), amarga ndekne kui wadya bayaran Kanaan kang ngabdi marang Mesir[39] utawa malah wong Mesir[40] kang ditinggalke déning Ramesses II ing Amurru, kanggo ngamanke pelabuhan Sumur.[41] Divisi iki ameh duwé peran kang wigati sanget ing pertempuran. Sung uga wigati ya iku tekané prajurit Sherden ing prajurit Mesir. Iki kui kaping sijiné ndekne ketok dadi wadya bayaran Mesir, lan ndekne mengko mènèhi peranan kang saya sue saya wigati ing jero sajarah Jaman Perunggu Akhir, ing pungkasané muncul ing antarané Bangsa Laut kang ngobrak-abrik Mediterania ing akir Jaman Perunggu.[42][43]

Mark Healy, ing bukune Armies of Pharaoh, ncermati:[44]

Mustahil kanggo mangerteni persis ngenai jumlah prajurit kereta perang Mesir ing Kadesh, nanging jumlahe ora mungkin kurang teka 2000 kendaraan kang disebarke ing jero korps Amun, P'Re, Ptah, lan Sutekh, karo asumsi yèn sakiwa-tengené 500 kereta perang dialokasike kanggo tiap korps. ing jumlah iki kita uga kudu nambahke wadya Ne'arin karena yèn mereka ora prajurit pribumi Mesir, jumlah mereka mungkin ora bisa dihitung nganggo dhasar kereta perang kang dijupuk teka korps prajurit.

—Mark Healy, Armies of Pharaohs

Inh pihak Het, Ramesses II ncatet pratélan dawa kang isiné 19 sekuthu Het kang digawa Muwatalli mareng Kadesh. Pratélan iki wis ngundang minat kang gedhé sèng taunan suene amarga jadi tantangan kanggo mgidentifikasi sekabehe lokasi ing kana, amarga pratélan kui nggambarke bentangan luas nagari-nagari taklukan Het, lan amarga ana pira-pira laladan ing Anatolia kulon, kang kayake ngeliputi wong Dardania kang diarani déning Homeros.[45]

Iki pratélan sekuthu kang dicatet déning Ramesses:[46][47][48][49]

Nama MesirLokasi
ḤtḤatti (Anatolia tengah)
NhrnNahrin = Mitanni
I҆rṭwArzawa (Anatolia barat)
PdsPitassa (Anatolia tengah)
DrdnyDardania (sekuthu bangsa Troya,[Catatan 5]Anatolia barat laut)
MsMasa (Mysia, Anatolia barat laut)
KrkšKarkisa (Anatolia)
KrkmšKarkhemish, di Suriah
QdLaladan di Suriah utara yang sulit didefinisikan
QdšKadesh (di Suriah)
ꜤkrṭUgarit (di Suriah utara)
MwšꜣntMushanet (tak diketahui)
KškšKaska (Anatolia utara)
LkNegeri-nagari Lukka (Lykia dan Karia, Anatolia barat daya)
QḍwdnKizzuwatna (Kilikia)
NwgsNuḥḥašši (di Suriah)
I҆rwnt (sic!)Arawanna (di Anatolia)
ḤlbḤalba (Aleppo, di Suriah, dipanggedhèni olèh rajanya, Talmi-Sarruma, cucu Suppiluliuma I.)
I҆nsInesa (tak diketahui)

Liyane para sekuthu iki, ratu Het uga ngerahke pira-pira suku Shasu lokal.[53]

Pertempuran

Serangan Het

Relief yang menggambarkan mata-mata Shasu dipukuli olèh prajurit Mesir

Ramesses II menggambarke tekané ing medan perang dalam dua prasasti utama kang di tulis ngenani palagan iku. Judule Puisi lan Buletin. Ana ing Puisi tertulis:[54]

Saiki, Baginda wis nyiapke infantri, kereta perang, lan prajurit Sherden. Baginda nembé ngrebut,... ana ing taun kelima, mangsa ketelu, wulan keloro, lan dina kesanga, Baginda nglintasi bètèng Sile. [lan lumebu wewengkon sisih tengenn]... infantrine nglintasi dalanan sempit seumpama nglewati jalan raya Mesir. Saiki wis pirang dina kapungkur, Baginda ana ing Ramses Meri-Amon, kutha kang ana ing Lembah Cedar.

Baginda terus lumaku ngalor. Sak wise Baginda wis teka ing barisan pagunungan Kadesh, Baginda terus lumaku maju... lan sira nyebrangi pérangan Orontes kang cethek, divisi kapisan Amon (kang dijenengi) "Sira Nganugerahke Kemenangan Marang User-maat-Re Setep-en-Re. Baginda tumeka kutha Kadesh... divisi Amon lumaku ana ing mburine; divisi Re iseh nyeberangi pérangan kali cethek iku kang ana ing dhistrik kidul ing kutha Shabtuna kang jarake sak kilo mèter saka papan Baginda ; divisi Ptahana ing sisih kidul kutha Armain; divisi Seth sedang berarak di jalan. Bnembe lumaku ing dalan. Baginda wis maujud barisan tempur kapisan kang kalebu sak kabehe pemimpin ing njero wadyabalae, ketika mereka (isih) ana ing pasisir laladan Amaru.

Relief di kuil Abu Simbel Relief ing kuil Abu Simbel kang nggambarke Pirngon Ramesses II ing nduwur kereta perang ana ing Pertempuran Kadesh.

Samentawa ana ing Buletin tertulis:[54][55]

Cithakan:Taun kelima, mangsa ketelu, wulan ketel, dina kesanga, di bawah pimpinan Baginda (Ramesses II)... Sang Raja lumaku ngalor, lan Baginda tekan ing sisih kidul kutha Shabtuna.

Ketika Ramesses lan prajurit Mesir lumaku maju kira-kira 11 kilomèter saka Kadesh, sisih kidul Shabtuna, sira ketemu wong loro Shasu (kaum pengembara) kang memberitahunya bahwa bangsa Het ana ing "lemah Aleppo, ing lor Tunip" 200 kilomèter adohe ing kana, tembung mereka, prajurit Het "(terlalu) wedi marang Pirngon, KKK, kanggo teka ngidul.[33][56] Cerita iki miturut naskah-naskah Mesir, ya iku lapuran palsu kang diperintahke dhening wong Het "kanggo maksud agawe mencegah prajurit Baginda nyiapke tempur nglawan musuh saka Hatti."[56] Pengintai Mesir balik ana ing perkemahan kanggo nggawa tawanan kang jumlahe loro Het kang anyar. Ramesses II baru mengetahui kaanan sakbenere kang bahaya bisa mata-mata iku dicekel, dipilara lan dipeksa ngungkap kaanan sebenere. Amarga disiksa, golongan mata-mata keloro ngungkap bahwa seluruh wadya Het lan ratu Het sakbenere wis cedhak[57]

Serangan Mesir

Ramesses lajeng mimpin langsung pira-pira serangan marang barisan Het bareng karo pengawal pribadine, ana pirang kereta perang saka divisi Amun, lan wong-wong kang slamet saka divisi Re kang sadurungé wis dipeksa mundur.[58] Sira manfaatke kemampuan manuver kereta-kereta perangnge kang luwih unggul sarta kakuwatan lan jangkauan busur campur Mesire, kang mencarke lan nyerang prajurit kereta perang Het kang keselen.[59][60]

Sakmentawa iku, prajurit Het, kang yakin déné musuhe wis dipeksa mundur sakpenuhe, akhire mandeg njarah perkemahan prajurit Mesir. Kanthi tumindhak demikian, mereka dadi sasaran empuk kanggo serangan balesan Ramesses. Tindakan Ramesses éntuk kasil ndésak prajurit Het mundur bali marang arah Orontes lan ngadohi saka perkemahan Mesir.[61] Sakmentawa ana ing pengejaran saliyané, kereta perang Het kang luwih abot bisa disusul kanthi gampang lan dilumpuhke dhening kereta perang Mesir kang luwih enteng lan rikat.[62]

Anggoné mederita serangan balesan ykang signifikan, Muwatalli isih duwé sejumlah prajurit kereta perang lan infantri cadangan[37] ditambah manèh déning dinding-dinding kutha. Nalika prajurit Het kang mundur wis tekan kali, sira merintahake éwon kereta perang liyané kanggo nyerang prajurit Mesir, unsur prajurit kang kuwat meliputi bangsawan kelas nduwur kang ngubengi ratu. Nalika prajurit Het bali tekan perkemahan Mesir, rombongan prajurit Ne'arin saka Amurru teka ndadak. Iki anggawe kaget prajurit Het. Ramesses uga wis ngatur wadyabalae lan, nyambi mengharapkan bantuan, uga nyerang saka perkemahan.[63]

Saikuse dilancarke enem serangan, prajurit Het nyaris terkurung, lan wadya kang slamet kudu ngelangi "kanthi perasaan kang hina", nyerangi bali kali Orents kanggo nggabung karo infantri mereka.[41] kajepit ana ing sungai Orontes, unsur-unsur prajurit Het kang kasisa ora bisa nyusul rombongan prajurit kang lagi mundur, lan kapaksa ninggal kereta perang mereka lan berusaha nyeberangi kali Orontes. Peristiwa pelarian iki digambarke ana ing prasasti Mesir dadi "terburu-terburu", bahkan disebutke uga déné mereka "ngelangi sakcepate kaya baya." Ana ing prosesne, akèh saka mereka kang kelelep.[63]

Akhir pertempuran

Sesuk dinane, kedadian manèh pertempuran kepindho kang ora jelas sapa kang dadi pemenange. Miturut lapuran Ramesses, Muwatili anjaluk gencatan senjata, lan banjur mangkono prajurit Mesir pikantuk kemenangan ana ing pertempuran iku.[64] déné mangkono bab iki kemungkinan ya iku propaganda amarga bangsa Het ora nyatet penyelesaian kang mangkono. Catatan saka pihak Het menyatakan bahwa prajurit Mesir kapeksa ninggal medan perang ana ing kekalahan lan Kadesh tetep dikuasai déning Het.[65] Sejumlah sejarawan modhèren berpendapat bahwa kedua pihak ora mikantuk kemenangan total. Ana prajurit Mesir déné Het uga menderita kurban kang akèh. Pasukan Mesir gagal ngancurke pertahanan Kadesh, sakmentawa prajurit Het gagal mikantuk kemenangan padahal awalé mereka wis mikantuk keunggulan.[41]

Ora ana kesepakatan ing kalangan sejarawan bab hasil perang iku utawa apa kang luwih kedadian. Panemu kang munculan berkisar antara kemenangan prajurit Mesir, kaanan seri, lan kekalahan Mesir (uga anggapan déné lapuran-lapuran Mesir namung propaganda).[66] Salah siji sejarawan kang yakin déné pihak Mesir ngalami kekalahan ana perang iki ya iku Egiptolog asal Iran, Mehdi Yarahmadi.[67]

Ngisor iki ya iku wong-wong Het kang kacatet palastra ana ing pertempuran mau[68]

NamaKeterangan
SpţrSaudara Muwattalli
TrgnnsSais kereta perang
GrbtsPembawa perisai
TrgtţsKapten prajurit Qbsw(?)
'AgmKapten prajurit
KmyţKetua prajruit (infantri?) thr
ḤrpsrJuru tulis kraton
TydrKepala pengawal[Catatan 6]
PysSais kereta perang
SmrtsSais kereta perang
RbsnnKapten prajurit 'Inns.
ḤmţrmSaudara Muwattalli
TdrKetua prajurit thr
Ţ..mPembawa perisai(?)
ŢwţsKetua prajurit 'Ins
Bnq(?)Sais kereta perang
[?][satu nama lagi hilang]

Uga delengen

  • Pratélan ratu Mesir \bkuna\b
  • Nagara-nagara Suriah-Het
  • Taktik kereta perang

Catatan kaki

Rujukan

Bibliografi

Bacaan lanjutan

  • Pasaribu, Saut. (2011). Pertempuran-Pertempuran Dahsyat Jaman Kuno. Yogyakarta: Golden Books. ISBN 978-602-98039-0-7
  • Roaf, Michael (1990). Cultural Atlas of Mesopotamia and the Ancient Near East. Equinox. ISBN 0-8160-2218-6.
  • Shaw, Ian (2003). The Oxford History of Ancient Egypt. Oxford: Oxford University Press.

Pranala njaba

Gapura Sajarah
Gapura Militer