Onomatopé
Onomatopé (saka tembung Yunani ὀνοματοποιία;[1] ὄνομα tegesé "jeneng"[2] lan ποιέω tegesé "aku nggawé"[3]) iku tembung sing kanthi fonètis niru, ngémba, utawa mratandhani swaraning wewujudan. Onomatopé kagolong tembung aran. Conto-conto onomatopé sing umum ya iku swaraning kéwan kaya ta "guk", "méyong", "mbèk", utawa "tekèk". Onomatopé béda-béda saben basa, gumantung marang sistem basané.[4][5] Mula, swaraning jam iku tick tock ing basa Inggris, dī dā ing basa Mandharin, utawa katchin katchin ing basa Jepang, utawa "tik-tik" (टिक-टिक) ing basa Indhi.
Sanajan tegesé ing basa Jawa "tetironing swara", tembung onomatopé ing basa asalé, basa Yunani, ateges "nggawé jeneng." Éwadéné, tembung-tembung sing niru swara ingaran Ηχομιμητικό (echomimetico utawa ékomimètik, tegesé "tetironing gaung") ing basa Yunani. Ηχομιμητικό (echomimetico) tumurun saka tembung Ηχώ, tegesé "gaung utawa swara", lan tembung μιμητικό, tegesé "tetiron".