Nikotin

Nikotin salah sijiné dat kang adiktif kang kadadéan kanthi alami ing tembako. Nikotin ya iku bahan aktif kang ana ing abluk mbako. Nduwèni ambu kang nyengat lan rasa kang tajem.[1] Nikotin didhèfinisikaké minangka dat racun, nglenga, kuning pucet lan wernané owah dadi coklat sawisé nyebar ing udara.[1] Cacahé nikotin kang ana ing godhong mbako kira-kira 2% nganti 7%.[1]

Nikotin Kang ana ing rokok

Nikotin duwé dampak kanggo sistem saraf otonom. Kanthi mangkono, bisa mbebayani.[1] Nikotin bisa ndadèkaké kagagalan anggoné ambegan lan bisa njalari lumpuhing dosis kurang saka 50%.[1] Gunggung kang sithik bisa nyebapaké mual, mumet, lan jantung dheg-dhegan.[2]

Cathetan sikil

Pranala njaba