Nagoya

Cithakan:Kutha ing Jepang

Stasiun JR Nagoya

Nagoya (名古屋市 Nagoya-shi?) inggih punika kutha krajan saking Prefektur Aichi, Jepang. Kutha punika mapan wonten ing pasisir Samodra Pasifik ing wewengkon Chūbu, pérangan tengah Pulo Honshu. Papanipun ing tengahipun Tokyo lan Kyoto saéngga kutha punika asring dipunsebat Chūkyō (kutha krajan pérangan tengah). Nagoya kalebet kutha paling ageng angka sekawan ing Jepang babagan cacahing penduduk. Kutha punika dados pusat saking Laladan Metropolitan Chukyo ingkang kalebet salah satunggal saking tiga laladan metropolitan Tokyo-Nagoya-Osaka.

Stasiun JR Nagoya kacathet ing Buku rekor Guinness minangka bangungan paling inggil ing donya ingkang gadhah stasiun sepur (kereta api).[1] Penduduk kutha Nagoya nyebat Stasiun JR Nagoya minangka Mèi-eki (stasiun Mèi). Kawasan Stasiun JR Nagoya lan Sakae kalebet pusat belanja ing ngandhaping lemah ingkang ramé lan wiyar, déné ing kawasan Ōsu kalebet pusat belanja lan barang elektronik.[2]

Lambang kutha Nagoya mirib kaliyan aksara kanji kanggé angka wolu. Lambang punika kados gambar stempel Maruhachi ingkang naté dipun-ginakaken déning klan Owari Tokugawa (cabang klan Tokugawa ing Provinsi Owari).

Géografi

Kutha Nagoya mapan wonten ing Daratan cendhèk Nōbi, pérangan barat daya Prefektur Aichi. Ing pérangan barat daya kutha wonten distrik Minato-ku ingkang kalebet kawasan indhustri lan Pelabuhan Nagoya.Ing pérangan kulon distrik Minato-ku wonten sabin ingkang wiyar. Ing kidul kutha wonten distrik Minami-ku ingkang dados kawasan indhustri, déné ing bagyean lor kutha (distrik Mizuho-ku) dados pusat belanja.

Distrik

Nagoya dipunpérang dados 16 distrik (-ku):

  • Atsuta-ku
  • Chikusa-ku
  • Higashi-ku
  • Kita-ku
  • Meito-ku
  • Midori-ku
  • Minami-ku
  • Minato-ku
  • Mizuho-ku
  • Moriyama-ku
  • Naka-ku
  • Nakagawa-ku
  • Nakamura-ku
  • Nishi-ku
  • Showa-ku
  • Tempaku-ku

Sajarah

Kastil Nagoya

Abad tengahan

  • Ing sakiwa tengenipun Kuil Atsuta ingkang nembé dipunbbangun mekar satunggaling kutha pelabuhan.

Zaman Sengoku dumugi jaman Edo

  • 1601 - Miya-juku dados salah satunggaling papan mandeg ing jalur Tōkaidō. Saking Miya-juku dhateng kutha Kuwana jarakipun 7 ri (28 km) bisa karambah mawi prahu saéngga dipunsebat jalur Shichi ri no watashi.
  • 1610 - Tokugawa Ieyasu damel Astana Nagoya. Kulawarga Tokugawa gosanke ingkang kalebet salah satunggal saking tiga cabang klan Tokugawa dipunmadegaken ing han Owari.
  • 1730 - Tokugawa Muneharu dados panguwaos génerasi kaping 7 han Owari lan kutha Nagoya mekar minangka kutha dagang.

Papan pariwisata

  • Astana Nagoya
  • Kuil Atsuta
  • Kebon Kéwan Higashiyama
  • Kebon Raya Higashiyama
  • Taman Tokugawa

Transportasi

Papan anggegana

Nagoya wonten Papan anggegana internasional Chūbu Centrair ingkang mapan wonten ing kutha Tokoname. Papan anggegana Nagoya (Papan anggegana Komaki) ing kutha Komaki dan Kasugai ingkang nampi penerbangan domestik ingkang dipunoperasiaken déning J-Air.

Sepur (Kereta api)

Stasiun Nagoya nawekakenTōkaidō Shinkansen lan jaringan sepur regional ingkang dipunoperasiaken déning JR Tōkai, Meitetsu, lan Kintetsu. Nagoya ugi gadhah jaringan Kreta ing sangandhaping lemah.

Kutha kembar

Yokohama damel gayutan kutha kembar kaliyan:[3]

Cathetan suku

Pranala njawi