Muhammad Balfas
- Artikel
- Parembugan
Muhammad Balfas | |
---|---|
![]() | |
Lair | Muhammad Salim Balfas (1922-12-25)25 Dhésèmber 1922 Jakarta, Indonésia |
Pati | 5 Juni 1975(1975-06-05) (umur 52) Jakarta, Indonésia |
Pakarya | Panulis |
Basa | Indonésia |
Warga nagara | Indonesia |
Mangsa | 1940-an–1975 |
Gènre | carkak, anak |
Muhammad Balfas utawa M. Balfas (lair ing Krukut, Jakarta, 25 Dèsèmber 1922 - surud ing Jakarta, 5 Juni 1975) ya iku pujangga Indonésia kang karya-karyané akèh gegayutané karo kauripan ana ing Jakarta.[1] Miturut Jassin lan Rosidi, karya-karyané satemené nggambaraké kaanan uripé dhéwé ing Jakarta minangka wong Betawi.[1] Ing taun 1946-1947 dhèwèké dadi pangarepé kalawarta Masarakat.[2] Pangalaman minangka wartawan akèh mangaribawani karya kapisané, ya iku Lingkaran-Lingkaran Retak.[2] Dhèwèké tau urip ana ing Kuala Lumpur, Malaysia kanggo nyambut gawé.[2] Jalaran ora krasan manèh ing Kuala Lumpur, dhèwèké banjur pindhah menyang Australia.[2] Ing Australia, dhèwèké ngajar ana ing Universitas Sidney awit taun 1967 tekan pungkasan uripé.[2]