Mnemosine

Mnemosine (Basa Yunani: Μνημοσύνη) punika salah satunggaling Titan wonten Mitologi Yunani. Mnemosine punika Titan ingatan lan memori. Mnemosine punika laré saking Uranus lan Gaia.

Wonten ing mitologi

Mnemosyne (1881), satunggaling "interpretasi" Pre-Raphaelite sang dewi karya Dante Gabriel Rossetti[1]

Mnemosine nglampahi gayutan badan kaliyan Zeus sangang dalu. Saking gayutan punika, Mnemosine nglairaken sangang tiyang Muse. Para Muse inggih punika dewi musik, nyanyian, jogèd, sastra lan tembang. Wonten ing ngandhap punika para Muse sarta atributipun:

Wonten ing Theogonia karyanipun Hesiod, para raja lan penyair punika pikantuk "kemampuan" saking hubunganipun kaliyan Mnemosine lan ugi para Muse. Mnemosine ugi gadhah kuwaos awit satunggaling kolam [2] ing donya bawah. Toya saking kolam kasebat saged ngonduraken "ingatan" kuwalikan saking kolam lethe.[3][4]. Tiyang-tiyang ingkang gadhah kekajengan pirembagan kaliyan orakel Trophonios ing Boeotia kedah ngunjuk toya saking tuk (mata air) rumiyin ingkang dipunwastani "Lethe" lan "Mnemosyne" dumugi mabok.

Wonten ing seni

  • "Mnemosyne", satunggaling pérangan solo bass flute lan dipunrekam déning Brian Ferneyhough
  • "Mnemosyne" inggih punika irah-irahaning geguritan karangan Friedrich Hölderlin.
  • "Mnemosyne", satunggaling lukisan karyanipyn Geoffrey Laurence[5]
  • "Mnemosyne" punika irah-irahan saking buku fotografi damelanipun Bill Henson

Wonten ing budaya populer

  • Wonten ing serial Sailor Moon, wonten tokoh ingkang anama Sailor Mnemosyne. Piyambakipun sesarengan kaliyan kembaranipun, Sailor Lethe kalebet ing kelompok Shadow Galactica.
  • Ing Hercules and Xena - The Animated Movie: The Battle for Mount Olympus, Mnemosyne kacariyosaken minangka Titan api. Piyambakipun ugi gadhah gayutan tresna kaliyan Titan angin, Crius.
  • Wonten Xena: Warrior Princess episode Forget Me Not (Mangsa 3, Episode 14) tokoh Gabrielle kesah dhateng kuil Mnemosyne kanggé nglalekaken kenangan ingkang boten saé.
  • Ing Hercules: the Legendary Journeys, Episode 91 Let there be Light, Hercules dhateng marang Mnemosyne. Ing mriki, Mnemosyne dados wanita api, putri saking Cronos ugi mungsuhipun Zeus.
  • Wonten ing filem Xanadu, Mnemosine punika ibu saking sangang Muse, kelebet Kira sang pahlawan.
  • Mnemosyne inggih punika nama satunggaling piranti lunak komputer ingkang kaginakaken kanggé paring pambiyantu ngeling manéka bab, tuladhanipun wulangan sekolah.
  • Ing MMPORG Asheron's Call, satunggaling pirantos kanthi warni ijo ingkang dipunwastani Mnemosynes. Kaginakaken kanggé nyimpen data kanthi jumlah ingkang ageng babagan kawruh lan sajarah supados saged dipunwarisaken dhateng génerasi salajengipun.
  • Wonten satunggaling manga (ugi dados anime) kanthi irah-irahan Mnemosyne.

Cathetan suku

Pranala njawi