Misu

Misu (미수;米水) ya iku ombenan tradhisional kas Koréa kang digawé saka glepung wiji-wijinan.[1] Misu minangka ombenan mangsa panas kang disajekake kanggo ngilangake rasa ngelak amarga hawa panas.[1] Saliyané iku misu uga dadi penambah ènergi lan nutrisi instan kanggo wong kang kelangan ènergi akèh utawa ora duwé nepsu mangan.[1]

misutgaru
Misu

Ing resep masakan Cina kuna, panganan iki diarani qiu utawa tepung kang digoreng.[1] Ing catatan resep masakan pura Dinasti Joseon, misu diarani glepung gandum kang dimasak (gu).[1] Gu duwé rasa kang énak lan gampang dipangan nalika lelungan adoh.[1][2]

Misu racaké digawé saka bahan beras ketan utawa bahan liyae kaya ta gandum utawa tuwuhan jali (yeolmu) utawa bahan-bahan gandum, ketan, kedelai ireng lan wiji wijen ireng dicampurake kanggo nambahi gizi.[1] Bahan-bahan mau dudeplok lan glepunge dicampuri banyu ing sawijining mangkuk banjur diudhek.[1] Kanggo nambahi rasa legi, bisa ditambahi gula.[1]

Cathetan suku