Miru Shiroma

Miru Shiroma
Jeneng asli白間 美瑠
Lair (1997-10-14) 14 Oktober 1997 (umur 26)
SakaPrefektur Osaka, Japan
GénreJ-pop
Pakaryan
  • Singer
  • model
PirantiVokal
Mangsa akarya2010 (2010)–saiki
LabèlYoshimoto Kogyo
Sing magepokanNMB48

Miru Shiroma (白間美瑠 Shiroma Miru ?, lair tanggal 14 Oktober 1997 ing Prefektur Osaka) yaiku penyanyi lan model Jepang. Dhèwèké dadi anggota Tim M[1] saka idola Jepang NMB48.[2]

Karir

Shiroma lolos audisi générasi pisan NMB48 wulan September 2010, debut tanggal 9 Oktober 2010 ing Tokyo Aki Matsuri.[butuh sitiran]Debut panggungé yaiku tanggal 1 Januari 2011. Ing wulan Maret 2011, Shiroma dipilih dadi Tim N.[3] Ing wulan Februari 2014, sajrone AKB48 Group Shuffle, diumumake manawa dhèwèké bakal ditransfer menyang Team M.[4]

Ing pamilihan umum 2014, Shiroma kaping pisanan dadi nomer 43 kanthi swara 17.745.[5]

Ing wulan September 2014, sajroné Turnamen Janken AKB48 2014, diumumake manawa dhèwèké bakal dipilih kanggo single kaping 38 AKB48 Kibōteki Refrain.[6] Ing wulan sing padha, diumumake uga dhèwèké lan Fuuko Yagura bakal dadi "center" kanggo single kaping 10 NMB48 Rashikunai..[7]

Ing wulan Mei 2018, dhèwèké melu seri televisi realita Produce 48 lan rangking nomer 20, ora bisa debut karo klompok proyek kasebut.

Réferènsi