Miguel de Cervantes Saavedra (1547-09-29)29 Sèptèmber 1547 (pangira-ira) Alcalá de Henares, Spanyol
Pati
22 April 1616(1616-04-22) (umur 68) Madrid, Spanyol
Pakuburan
Convento de las Monjas Trinitarias Descalzas, Madrid
Pakarya
prajurit, juru roman, juru nggurit, juru nulis sandiwara, akuntan
Basa
Spanyol
Bangsa
Spanyol
Karya gedhé
Don Quixote Entremeses Novelas ejemplares
Tandha tangan
Miguel de Cervantes[b], (Pangucap cara Spanyol: [miˈɣel de θerˈbantes saˈβeðɾa]; 29 Sèptèmber 1547 (pangira-ira) – 22 April 1616),[2] ya iku wong sing misuwur ajejuluk juru nulis gedhé ing laladan basa Spanyol lan juru roman pinunjul ing donya.
Karya gedhéné, Don Quixote, ingaran roman Éropah modhèren wiwitan[3]. Roman iki minangka karya klasiking sastra Kulonan lan diajèni dadi salah siji karya tulis paling apik sing tau ana.[4] Pangaribawané tumrap basa Spanyol gedhé banget mula basa Spanyol kerep karan la lengua de Cervantes ("basaning Cervantes").[5] Dhèwèké uga dijuluki El Príncipe de los Ingenios ("Pangéraning Budi").[6]