Matoa

Matoa
Matoa kanthi woh
kang durung mateng
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Plantae
Dhivisi:Magnoliophyta
Klas:Magnoliopsida
Ordho:Sapindales
Famili:Sapindaceae
Génus:Pometia
Spésies:P. pinnata
Jeneng binomial
Pometia pinnata

Matoa nduwéni jeneng latin Pometia pinnata. Matoa iku woh-wohan asli Papua.[1] Matoa nduwéni rasa kang mirib kaya woh rambutan utawa woh klengkeng.[1] Wit matoa urip dhuwur lan kayuné bisa kanggo mébel utawa kusén-kusén omah.[1] Matoa kalebu tuwuhan kang wohé musiman.[1] Matoa ngawoh ing sasi September nganti Oktober nalikane mangsa katiga.[1] Matoa thukul ing kabèh wewengkon kepulauan Cendrawasih.[1]

Woh

Matoa nduwéni woh kang dhapuré bunder lonjong, ukuran wohé kira-kira méh padha karo endhog utawa woh jambe.[1] Woh matoa dawané 1,5-5 cm lan dhiameteré 1-3 cm.[1] Woh Matoa duwé kulit lunyu wernané coklat semu ireng nalika mateng.[1] Matoa kang isih enom lan mentah wernané kuning semu ijo.[1] Matoa ana uga kang wernané ijo semu kuning.[1] Matoa nduwéni kulit ari kang rupané putih bening.[1] Kulit ari némplék ing daging woh matoa.[2]

Ing Papua Nugini, woh matoa diarani Taun.[1] Ing tlatah-tlatah liyané ana kang ngarani ganggo, jagir, jampania, kasai, kase, kungkil, lamusi, lanteneng, lengsar, mutoa, pakam, sapen, tawan, tawang lan wusel.[1]

Habitat

Saliyané urip ing Papua, matoa uga bisa urip ing Maluku, Sulawesi, Kalimantan, lan Jawa.[2] Matoa bisa urip ing panggonan kang dhuwuré 1.400 mèter ing sandhuwuré sagara.[2] Saliyané ing Indonésia, matoa uga urip ing Malaysia, Papua Nugini kang dunungé ing wétan Papua, lan ing tlatah tropis ing Australia.[2]Matoa urip alasan ing alas-alas.[2] Matoa iki sakjinis karo tuwuhan kulawarga rambutan-rambutanan utawa Sapindaceae.[2] Déné jinisé ing basa latin diarani pometia pinnata.[2]

Uga delengen

Cathetan suku