Marcus Rashford

Marcus Rashford (lair 31 Oktober 1997) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional ingkang posisinipun panyerang, ingkang samenika main ing klub Liga Primér Inggris klub Manchester United lan Timnas Inggris.[4]

Marcus Rashford
Rashford nalika adu penalti kalawan Kolombia ing Piala Donya Ruslan Taun 2018
Katerangan priangga
Jeneng dawaMarcus Rashford[1]
Tanggal lair (1997-10-31) 31 Oktober 1997 (umur 26)[2]
Papan lairWythenshawe, Manchester, Inggris
Dhuwur5 ft 11 in (1.80 m)[3]
Posisi mainPenyerang
Katerangan klub
Tim saiki
Manchester United
Angka19
Karir nom
2003–2005Fletcher Moss Rangers
2005–2015Manchester United
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2015–saikiManchester United65(14)
Tim nasional
2012Inggris U162(0)
2014Inggris U182(0)
2016Inggris U202(0)
2016–Inggris U211(3)
2016–Inggris15(2)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 20:32, 1 January 2018 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 00:43, 1 January 2018 (UTC)

Rashford main ing Manchester United wiwit umur pitung taun, piyambakipun nyithak gol ing kalih debut pertamanipun ing Liga Eropa UEFA. Rashford naté cidera wekdal main mengsah Arsenal ing bulan Fébruari 2016. Rashford nyithak gol wonten ing pertandhingan pertama Manchester derby, pertandhingan pertama League Cup dan pertandhingan pertama UEFA Champions League.[5]

Sanajan lair ing Kutha Manchester lan kalebet tilas lulusan akadhemi Manchester, nanging sadéréngipun main ing Manchester United Rashford naté main kanggé tim akadhemi Fletcher Moss Rangers ing periodhe taun 2003 ngantos 2005.[5] Wekdal umuripun nembe sangang taun, nembe Rashford main kanggé akadhemi Manchester United. Nembé main sapisan sampun damel kalih gol.[5] Ing péntas internasional, Rashford déréng gabung ing skuad Nasional Inggris.[5] Saménika Rashford nembé main ing Tim Inggris U-18 lan nembé main ping kalih.[5]

Pranala njaba

Rujukan