Manila (Maynila ing basa Filipino) punika kitha krajan Filipina. Kitha punika dumunung wonten ing sisih wétan Lempongan Manila ing pulo paling ageng lan paling lèr Filipina, Luzon. Sanajan taksih wonten sawatawis panggénan tiyang mlarat, kitha punika minangka salah satunggiling kitha kosmopolitan donya lan laladan metropolitanipun dados pusat ékonomi, budaya, pendidikan lan indhustri nagari punika. Manila asring kasebat Mutiara Orient.
Manila punika laladan metropolitan kanthi sing ndunungi langkung saking 10 yuta jiwa. Metropolis punika kasebat Metro Manila, nanging asring namung dipuncekak dados Manila kémawon déning tiyang manca nagari, gadhah 17 kitha lan munisipal. Artikel punika namung mbahas kithanipun; pirsani Metro Manila kanggé artikel bab laladan metropolisipun.
Kitha punika minangka kitha paling padat nomer kalih ing Filipina sasampunipun kitha Quezon, tilas kitha krajan Filipina.
Manila lan laladan saubengipun dipundadosaken satunggil minangka Metro Manila kanggé nggampilaken pengaturan laladan pertumbuhan super cepat punika. Wekdal punika, kitha lan metropolisipun minangka pusat budaya lan ékonomi. Nanging kitha punika ugi gadhah masalah over-populasi, kemacetan, lan polusi.
Manila wiwitanipun wujud satunggiling pemukiman muslim ing sungapan Kali Pasig ing pasisir Lempongan Manila. Salah setunggil perkiraan asal namanipun inggih punika saking ukara may nilad ingkang kanthi barès tegesipun "wonten nilad". Nilad piyambak artosipun tuwuhan bakau akembang pethak ingkang tuwuh ing laladan punika wau.
Wonten ing tengah abad angka 16, tlatah saubengipun Manila dipunpréntah déning tiga rajah inggih punika: Rajah Sulayman lan Rajah Matanda ing komunitas sisih kidulipun Kali Pasig lan Rajah Lakandula ing sisih Lèr. Para rajah wau ugi ngawontenanken gayutan kaliyan Kesultanan Brunei, Sulu, lan Ternate ing Cavite.
Taun 1570, satunggiling èkspèdhisi Spanyol ingkang dipunpimpin déning Miguel López de Legazpi dumugi Manila. Andhahanipun, Martín de Goiti, késah saking Cebu lan saduginipun dhateng Manila, dipuntampi déning tiyang Tagalog muslim. Senaos makaten, Goiti tetep nyerang Manila kanthi wadyabala ingkang agengipun 300 orang. Legaz dugi setaun malih lan mujudaken perdamaian kaliyan para rajah.Piyambakipun ndamel satunggiling dewan kutha kanthi anggota 15 jalmi. Intramuros ingkang dipunkubengi déning témbok dipunyasa kanggé nglindhungi para penjajah Spanyol. Tanggal 10 Juni1574, Raja Phillip II saking Spanyol maringi gelar Insigne y Siempre Leal Ciudad ("Distinguished and Ever Loyal City") dhumateng Manila. Manila dados kitha krajan Filipina taun 1595 lan dados pusat perdhagangan pérak trans-Pasifik.