Mandriva Linux (kondhang jenenge ya iku Mandrakelinux utawa Mandrake Linux) ya iku Sistem Operasi kang digarap déning Mandriva (racaké diarani Mandrakesoft). Mandriva Linux nganggo RPM Package Manager.
Saka awal nganti versi 8.0, Mandrake njenengi produk mligi ya iku Linux Mandrake. nalika wis versi 8.1 nganti 9.2 genti jeneng dadi Mandrake Linux. Ing februari 2004, Mandrakesoft kalah ning pengadilan mawa perusahaan Hearst Corporation, kang duwé King Features Syndicate.
Mandriva Control Center kang gampangake konfigurasi saka punjul siji pengaturan.
Desktop nganggo KDE utawa GNOME kanggo desktop standar panggunane, nanging uga nyebrakake fitur liyané kaya ta Xfce lan twm.
Konsistensi saka tema antar aplikasi bisa jajaren lan ing lingkungan desktop.
Nganggo paket manajer kang diarani urpmi
Live USB saka Mandriva Linux bisa digawé adicara manual ya iku nganggo UNetbootin.[4]
Mandriva nyedikake punjul siji edisi Linux. ana kang ora tuku (oper source), lan ana kang didol nganggo sistem on-line utawa metu jaringan penjual resmi. Mandriva uga nyediakake Mandriva Club, kang ngati 4 Juni 2008 iku gratis amarga layanan pengunduhan digarap kapisah saka produk kang mbayar.