Métabolit sékundèr

Métabolit sékundèr ya iku senyawa metabolit kang ora esensial tumrap modhote organisme lan tinemu ing wujud kang unik antarané spésies siji lan liyané.[1] Saben organisme lumrahé ngasilaké senyawa metabolit sekunder kang béda-béda, malah bisa baé siji senyawa metabolit sekunder mung tinemu ing siji spésies ing siji kingdom.[1] Senyawa iki ora mesti ngasialke, nanging mung nalika dibutuhake utawa ing fase-fase tertentu.[1] Fungsi matabolit sekunder ya iku kanggo mertahanake awak saka kondisi lingkungan kang ora apik, tuladhané kanggo ngatasi hama lan lelara, narik polinator, lan minangka molekul sinyal.[1] Intine, metabolit sekunder digunakaké organisme kanggo interaksi marang lingkungane.[1]

Kopi ngandhut metabolit sekunder wujud kafein.

Klasifikasi

Senyawa metabolit sekunder diklompokake dadi telung golongan utama, ya iku[2]

  1. Terpenoid (meh kabèh senyawa terpenoid ngendhut karbon lan hidrogen sarta disintesis lumantar jalur metabolisme asem mevalonat.) tuladhané monoterpena, seskuiterepena, diterpena, triterpena, lan polimer terpena.[2]
  2. Fenolik (Senyawa kang digawé saka gula prasaja lan duwé ali-ali benzena, hidrogen, lan oksigèn ing struktur kimiane.) thuladane asem fenolat, kumarina, lignin, flavonoid, lan tanin.[2]
  3. Senyawa kang ngandhut nitrogen.[2] Tukadhane alkaloid lan glukosinolat.[3]

Cathetan suku