Métabolisme

Métabolisme minangka modhifikasi senyawa kimia kanthi biokimia ing sajeroning organisme lan sèl. Metabolisme nyakup sintesis (anabolisme) lan panguraian (katabolisme) molekul organik komplèks. Metabolisme racaké dumadi saka tahapan-tahapan kang nglibataké enzim, kang dikenal uga minangka jalur metabolisme. Metabolisme total wujud kabèh prosès biokimia ing sajeroning organisme. Metabolisme sèl nyakup kabèh prosès kimia sajeroning sèl. Tanpa metabolisme, makluk urip ora bakal bisa tahan urip.

Santorio Santorio (1561-1636) diyakini dadi kang pisanan ngayahi èksperimen ngenani metabolisme.

Produk metabolisme karan metabolit. Cawang biologi kang nyinaoni komposisi metabolit kanthi sakabèhané sajeroning sawiji tahap perkembangan utawa ing sawiji pérangan awak dijenengaké metabolomika.

Jalur metabolisme

Jalur-jalur metabolisme wigati nyakup:

Jalur umum

  • Metabolisme karbohidrat
  • Metabolisme lemak
  • Metabolisme protéin
  • Metabolisme asem nukleat

Katabolisme

Jalur katabolisme kang ngurai molekul komplèks dadi senyawa prasaja nyakup:

  • Respirasi sèl, jalur metabolisme kang ngasilaké ènergi (sajeroning wangun ATP lan NADPH) saka molekul-molekul bahan bakar (karbohidrat, lemak, lan protéin). Jalur-jalur metabolisme respirasi sèl uga mèlu sajeroning pencernaan panganan.
    • Katabolisme karbohidrat
      • Glikogenolisis, pangowahan glikogen dadi glukosa.
      • Glikolisis, pangowahan glukosa dadi piruvat lan ATP tanpa mbutuhaké oksigèn.
      • Jalur pentosa fosfat, pambentukan NADPH saka glukosa.
    • Katabolisme protéin, hidrolisis protéin dadi asem amino.
  • Respirasi aerobik
    • Transpor elektron
    • Fosforilasi oksidatif
  • Respirasi anaerobik,
    • Daur Cori
    • Fermentasi asem laktat
    • Fermentasi
    • Fermentasi etanol

Anabolisme

Jalur anabolisme kang mbentuk senyawa-senyawa saka prekursor prasaja nyakup:

  • Glikogenesis, pambentukan glikogen saka glukosa.
  • Glukoneogenesis, pambentukan glukosa saka senyawa organik liya.
  • Jalur sintesis porfirin
  • Jalur HMG-CoA reduktase, miwiti pambentukan kolesterol lan isoprenoid.
  • Metabolisme sekunder, jalur-jalur metabolisme kang ora esensial tumrap pertumbuhan, perkembangan, lan reproduksi, nanging racaké duwé fungsi kanthi ékologis, upamané pambentukan alkaloid lan terpenoid.
  • Fotosintesis
  • Siklus Calvin lan fiksasi karbon

Uga delengen

  • Metabolomika
  • Metabolom
  • Metabolit
  • Laju metabolisme basal
  • Thermic effect of food
  • Biodegradasi

Pranala njaba