Larb

Larb utawi ugi dipunwaos laap, larp utawi lahb inggih punika dhaharan salad daging cincang ingkang khas saking Laos.[1][2][3]

Istilah "larb" ingkang samenika dipungayutaken kaliyan makna "kabegjan" wonten ing basa Lao lan Thai. Sejatosipun gadhah asaling tembung saking basa Lanna Thailand Ler ingkang ateges "nyincang daging".[4]

Jinis

Vèrsi Laos/Isan

Larb punika asring dipundamel saking daging ayam, daging sapi, bèbèk, ulam, utawi daging babi ingkang dipuncincang utawi jamur. Lajeng dipuntambahi bumbu kaliyan kécap ulam, toya jeruk nipis, utawi peresan limau, padaek (kecap ulam Laos), sekul bakar ingkang dipungiling lan ugi bumbu sanesipun. Daging cincang punika saged dipuncawisaken kanthi mentah lan saged ugi kanthi sampun mateng. Asiling cincangan daging punika dipuncampur kaliyan lombok abang, godhong mint, lan sayuran sanèsipun. Sega bakar giling (khao khua) ugi kalebet pérangan ingkang wigati saking dhaharan punika. Dhaharan punika limrahipun dipuncawisaken wonten ing suhu kamar lan dipunsandhingaken kaliyan ketan lan ugi sayuran ingkang mentah.[5][6]

Vèrsi Thailand Ler

Larb saking Thailand Ler - larb Lanna - punika béda kaliyan larb saking Laos lan Isan ingkang langkung kondhang. Larb saking Thailand ler saking suku Thai Yuan/ Khon Mueang [7] boten ngginakaken kécap ulam lan ugi jeruk nipis satemah raosipun boten asem. Nanging ingkang dipunginakaken inggih punika campuran bumbu garing kalebet jinten putih, cengkeh, lada, kembang lawang, andaliman lan kayu legi,[8] Kejawi bubuk lombok garing. Kangge larb ingkang ngginakaken daging babi lan daging ayam, padatanipun ugi dipuntambahaken getih saking kéwan wau.

Rujukan

Pranala njawi