Kristus

Kristus iku tembung silihan saka basa Yunani Χριστός (Khristós) [3] , kang duwé teges "kang diurapi". Ing basa Iberani, Kristus iku padha karo Mesias utawa Al Masih (basa Arab). Kristus iku pribadi kang dienten-enteni umat Yahudi amarga dianggep bisa agawa kamulyan, katentreman, marang umat Yahudi ing ndunya. Umat Kristen yakin yèn Kristus iku Yesus, Sang Juruselamat. Gusti Yesus iku, béda saka pamikirane umat Yahudi, mudhun ana ing ndunya dudu gur agawa katentreman lan kaselametan marang umat Yahudi thok nanging marang sapa baé kang ngakoni keselametan anané gur saka Yesus Kristus, putra siji-sijiné Allah kang murbeng dumadi.

Ikon tuwa dhéwé saka Christ Pantocrator - Saint Catherine's Monastery.[1][2]

Rujukan