Pasisir Karta utawa Costa Rica yaiku nagara paling cilik nomer loro ing Amérika Tengah kang wewatesan karo Nikaragua ing sisih lor, Panama ing sisih kidul- kidul-wétan, Samodra Pasifik ing sisih kulon lan kidul, lan Sagara Karibia ing sisih wétan. Pasisir Karta minangka nagara pengonsumsi gula paling akèh ing donya. Taun 1980, konsumsi rata-rata per jiwa punjul 65 kg kang tegesé saben wong mangan 1,7 ons gula sadina. Nagara iki ndarbèni tingkat pulitik paling aman ing kawasané. Dibandingaké karo nagara-nagara Amérika Latin liyané, Pasisir Karta unggul sajeroning pikolèhan per kapita. Kasil utama nagara kang wewengkoné udakara 51.100 km² iki yaiku kopi.