Karan Johar

juru paraga lanang saka Indhi

Karan Johar (करण जौहर (1972-05-25) 25 Mèi 1972 (umur 52)) ya iku aktor, direktor filem, lan prodhuser filem saka India. Dhèwèké duwé anak loro ya iku Hiroo Johar lan Yash Johar.[1]Dhèwèké lair ing Mumbai, Maharashtra, India.[1]Dhèwèké ya iku anak saka pasangan Hiroo Johar lan Yash Johar.[1]Dhèwèké iku salah sijiné sutradara sukses ing Bollywood.[1]Dhèwèké nempuh pendhidhikan ing Greenlawns High School lan H.R. College of Commerce lan Economics ing Mumbai.[1]

Karan Johar
Karan Johar (2016)
Lair (1972-05-25) 25 Mèi 1972 (umur 52)
Mumbai, Maharastra, India
Taun aktif1995–present

Karir

Rumah produksi kanthi aran Dharma Production ya iku perusahaan duweké Johar kang biyené duweké bapaké.[1]Awit cilik, dhèwèké akèh sinau karo aktor India, kaya ta Raj Kapoor,Yash Chopra, lan Sooraj R. Barjatya, lan nggawé para bintang mau dadi inspirasiné.[1]

Johar miwiti indhustri perfilemane kanthi dadi aktor kang meranaké kanca cedhak Shahrukh Khaning filem kang judhulé Dilwale Dulhania Le Javenge taun 1995.[1]Ora mung dadi aktor, nalika dhèwèké gawé filem, dhèwèké direwangi karo sutradara, Aditya Chopra.[1]

Dhèwèké ngluncuraké filem garapan kaping pisanané nalika taun 1998 kang judhulé Kuch Kuch Hota Hai.[1]Film mau menangaké bebungah ing Filmfare Award 1998, dadi Best Movie lan Best Director.[1]

Sasi November 2009, Johar wis ngerampungaké filem kang judhulé My Name Is Khan,filem kang dibintangi Shahrukh Khan lan Kajol Devgan.[1]Film mau dirilis tanggal 12 Fèbruari 2010 lan diputer pisanan ing Abu Dhabi lan Berlin.[1]

Ing televisi, dhèwèké dadi presenter acara judhulé Koffee with Karan.[1]Taun 2010, dhèwèké uga nggarap acara televisi kang judhulé Lift Kara De.[1]

Taun 2007, Johar kapilih dadi salah sijiné 250 Global Young Leaders déning Geneva.[1]Sadurungé, ing tanggal 30 September 2006, dhèwèké dadi sutradara India kaping pisanan kang dadi juri ing ajang Miss World ing Warsaw, Polen.[1]

Taun 2011, dhèwèké nggarap filem kang judhulé SHORT TERM SHAADI.[2]Film iki bakal dirilis nalika karaméan Valentin taun 2012.[2]Film iki dijupuk ing Las Vegas lan ning Mumbai.[2]

Filmography

Minangka Aktor

  • 1995 Dilwale Dulhania Le Jayenge
  • 2004 Main Hoon Na
  • 2008 Fashion
  • 2009 Luck by Chance

Minangka Sutradara

  • 1998 Kuch Kuch Hota Hai
  • 2001 Kabhi Khushi Kabhie Gham
  • 2006 Kabhi Alvida Naa Kehna
  • 2010 My Name is Khan

Minangka Produser

  • 1998 Duplicate
  • 2003 Kal Ho Naa Ho
  • 2010 I Hate Luv Storys

Bebungah[1]

Filmfare Award

  • 1999 Best Director and Best Screenplay-Kuch Kuch Hota Hai
  • 2002 Best Dialogue-Kabhi Khushi Kabhie Gham

IIFA Award

  • 2001 Best Costume Designer-Mohabbatein
  • 2002 Best Dialogue-Kabhi Khushi Kabhie Gham

Star Screen Awards

  • 1999 Best Director-Kuch Kuch Hota Hai
  • 2004 Best Screenplay-Kal Ho Naa Ho

Cathetan suku