Kajawèn

Kajawèn (Jawa: ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀) iku kapercayan kang dianut wong Jawa kanthi dhedhasar budaya Jawa. Kaya déné agama kang lumrahé ana, kapercayan iki diugemi ajaran-ajarané. Ana manéka warna aliran kejawèn kang ana. Nanging kang cetha, manawa Kajawèn iku dudu lan ora bisa dipindhaake 'agama', amarga kejawen iku hasile olah-pikir (kaya déné filsafat) wong Jawa, anggoné nganggep, nintingi, mangerteni lan nglakoni jantrane uripé klawan gegandhenganne dadi kawula ing alam lan Gusti Sing Nyiptakne.

Wong kang nglakoni tapa Jawa minangka semédhi ing ngisor wit ringin ing mangsa Hindhia-Walanda (1916).

Ciri mligi Kajawèn ya iku anané campuran antarané animisme, agama Hindhu, lan Buda. Agama Islam lan Kristen uga katon lumebu ing kéné. Dadi bisa karan yèn kapercayan iki siji wujud sinkretisme.

Sawijining ahli antropologi Amérika Sarékat, Clifford Geertz, naté nulis prakara iki ing buku The Religion of Java. Ing kéné dhèwèké nyebut Kajawèn iku "Agami Jawi".

Sadurungé agama Hindhu-Budhha lumebu ing Jawa, Kajawèn urip dhéwé lan lagi katon lebur nalika akèh pralambang Jawa lumebu ing kitab-kitab kuna.

Paguyuban Kajawèn

Sawetara paguyuban kejawèn dumadi kanggo srawung lan tular kawruh ing urusan kebatinan. Ing antarané:

  • Subud (Susila Budhi Dharma)
  • Paguyuban Sumarah
  • Sapta Darma
  • Paguyuban Ngesti Tunggal (Pangestu)
  • Paguyuban Sangkan Paraning Dumadi Sri Jayabaya
  • Paguyuban Satriya Mangun Mardika Dunungé Urip
  • Pran-Suh
  • Agama Jawa Asli Républik Indonésia
  • Kawula Warga Naluri
  • Ngèlmu Beja-Mulur Mungkret
  • Ilmu Sejati Prawira Sudarsa
  • Paguyuban Pambuka Das Sanga
  • Indhuk Warga Kawruh Utama
  • Aliran Kebatinan Perjalanan
  • Kapercayan Budi Daya
  • lan sapanunggalané

Kapustakan