Juba

Juba iku sawijining kutha ing Sudan Kidul. Nalika Sudan Kidul mardika ing tanggal 9 Juli 2011, kutha iki ya iku kutha krajan Sudan Kidul. Nanging pamaréntah wis mutusaké ing tanggal 5 September 2011 manawa bakal mindhah kutha krajan menyang Ramciel sing luwih cedhak karo pawatesan. Juba diprakirakaké sing ndunungi sakiwa tengené 372.410 jiwa (2011).

Gambar Juba saka udara

Juba iku uga kutha krajan Praja Central Equatoria.