John Dalton (1766-1844) inggih punika ilmuwan saking Inggris ingkang ing abad kaping-19 nyobi nepangaken hipotesa atom wonten ing jagad ngèlmu kawruh.[1] Kanthi pamikiranipun John Dalton saged damel èlmukimia saya majeng.[1] Panjenenganipun gadhah gagasan bab “téyori kuantitatif” ingkang saged dipun-ginakaken ing percobaan kimia.[1] Dalton gadhah pamanggih bab konsèp atom, molekul, elemen, lan campuran kimia.[1] Panjenenganipun ugi gadhah pamanggih saben kalih atom saking golongan ingkang meh sami inggih punika sami sadaya kualitasipun, kalebet “masa” (kuantitas material wonten ing piranti ingkang dipunukur saking daya tahan owah-owahan obah).[1] Dalton nglebetaken satunggal dhaftar ingkang nyerat berat relatif saking pinten jinis atom ingkang bènten.[1]
Unsur-unsur kapérang saking partikel-partikel ingkang alit sanget lan boten saged dipunperang malih ingkang dipunsebat atom. Wonten ing reaksi kimia, boten saged dipundamel utawi dipunowahi dados unsur ingkang sanès.[2]
Sedaya atom wonten ing unsur ingkang satunggal jinis inggih punika sami, amargi punika gadhah sipat ingkang meh sami, kados massa lan ukuran.[2]
Atom saking unsur-unsur ingkang bènten jinisipun gadhah sipat ingkang bènten ugi.[2]
Senyawa saged dipunwujudaken nalika langkung saking satunggal jinis unsur ingkang dipundadosaken satunggal (digabungkan).[2]
Atom-atom saking 2 unsur utawi langkung saking 2, saged dipunreaksi wonten ing perbandingan-perbandingan ingkang bènten kanggé ngasilaken langkung saking 1 jinis senyawa.[2]