Jigme Khesar Namgyel Wangchuck

Jigme Khesar Namgyel Wangchuck (Dzongkha: འཇིགས་མེད་གེ་སར་རྣམ་རྒྱལ་དབང་ཕྱུག་),[1] lair 21 Fèbruari 1980; umur 44 taun inggih punika Druk Gyalpo Bhutan kaping 5 lan kepala dinasti Wangchuck.[2] Piyambakipun jumeneng nata rikala tanggal 14 Dhésèmber 2006, lan kanthi resmi dipunnobataken nalika tanggal 1 November 2008.

Ingkang sinuwun Raja Jigme Khesar Namgyel Wangchuck
Raja Bhutan
Panjenengan14 Dhésèmber 2006 – Sakpunika
(&&&&&&&&&&&&&017.&&&&&017 taun, &&&&&&&&&&&&0213.&&&&&0213 dina)
Pamakuthan1 Novèmber 2008(2008-11-01) (umur 28)
LeluhurISR Jigme Singye Wangchuck
Lair (1980-02-21) 21 Fèbruari 1980 (umur 44)
Puri Dechencholing, Thimphu, Bhutan
GariniRatu Jetsun Pema
PutraPangeran Jigme Namgyel Wangchuk
Pangeran Jigme Ugyen Wangchuk
WangsaWangchuck
BapaISR Jigme Singye Wangchuck
IbuRatu Tshering Yangdon
AgamaBuddha Vajrayana

Kulawarga

Khesar inggih punika putra pambarep saking sekawan sadhèrèk pasangan Naga Raja saking Bhutan, Jigme Singye Wangchuck kaliyan garwa ingkang kaping 3, Ratu (Ashi) Tshering Yangdon. Piyambakipun gadhah satunggal rayi putri, Putri Dechen Yangzom. Sadhèrèkipun, Pangeran Jigme Dorji. Kajawi kalih rayi kandhung mau, Khesar ugi gadhah 7 rayi malih (tiri) saking 3 garwa bapakipun ingkang sanès.[3]

Tunangan lan Palakrama

Wonten ing sesi pambuka parlemen, dinten Jumat 20 Mèi 2011, Raja mbiwarakaken pertunanganipun kaliyan Jetsun Pema (miyos tanggal 4 Juni 1990, yuswanipun 21 taun). Palakramanipun kalangsungaken nalika tanggal 13 Oktober 2011 wonten ing Punakha Dzong.[4][5][6]

Pendidikan

Raja Khesar panci sampun kasiapaken dados raja wiwit taksih alit, malah wiwit taksih wonten gendhongan ingkang ibui. Masa alitipun nalika nglampahi pendidikan sekolah dhasar langkung kathah dipuntelasaken wonten ing Bhutan. Nalika dumugi ing pendidikan lanjutan, déning bapakipun, piyambakipun dipunkintun sinau wonten ing Phillips Academy (Andover, Massachusetts), Cushing Academy lan Wheaton College wonten ing Massachusetts, Amérikah Sarékat. Sasampunipun punika, piyambakipun nglampahi pendidikan wonten ing Magdalen College, Universitas Oxford, Inggris dumugi pungkasanipun saged mungksaken program pelayanan jaban rangkah lan gadhah hak saking gelar MPhil wonten ing babagan pulitik.[7]

Minangka Putra Makutha, piyambakipun sampun nindakaken lelampahan wonten ing jaban rangkah, kanthin resmi makili Bhutan wonten ing sapérangan kasempatan lan gadhah peran aktif wonten ing organisasi budaya, pendidikan lan ékonomi kathah.Piyambakipun ugi minangka juru main Basket aktif lan sampun makili Bhutan wonten ing prastawa internasional.

Minggah Tahta

Wonten ing wulan Dhésèmber 2005, Raja Jigme Singye Wangchuck mbiwarakaken niatipun saperlu mandhap tahta ingkang njurung putranipun wonten ing taun 2008, lan bilih piyambakipun wiwit masrahaken tanggel jawab kanthi saestu.[8] Nalika tanggal 14 Dhésèmber 2006, piyambakipun mbiwarakaken bilih piyambakipun sampun ngicalaken lan dipunpindhahaken tahtanipun kanggé Jigme Khesar Namgyel Wangchuck[9] ingkang kanthi resmi dipunnobataken wonten ing tanggal 6 November 2008[10][11], wonten ing wulan kakung bumi tikus, wonten ing Punakha. Upacara keagamaan lan karaméan-karaméan umum ugi dipunadani wonten ing Tashichhoedzong lan Changlingmithang wonten ing Thimphu. Upacara penobatan kasungsun saking sawijining ritual kuna lan manéka warni, ingkang dipunrawuhi déning kathah pejabat asing, kalebet ugi Présidhèn India Pratibha Patil lan Mantri Luar Negeri Pranab Mukherjee.[12][13]

CNN nglapuraken bilih, wonten ing adicara nyambut Khesar minangka Raja Bhutan, tiyang nglukis tandha-tandha margi, nggantung spanduk meriah lan lingkaran lalu lintas dipunhiasi kanthi sekar-sekar saperlu ngadani pawiwahan punika.[14]

Cathetan suku

Pranala njaba

Jigme Khesar Namgyel Wangchuck
Kulawarga Wangchuck
Lair: 21 Fèbruari 1980
Regnal titles
Kang sadurungé
Jigme Singye Wangchuck
Raja Bhutan
2006 – Sekarang
Isih njabat