Amengkubuwana X

Gubernur Ngayogyakarta, Sultan Ngayogyakarta, 1989-
(Kaelih saka Hamengkubuwana X)
Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Hamengkubuwana X
Sri Sultan Hamengkubuwana X
Ratu Nagari Ngayogyakarta Hadiningrat
MiyosYogyakarta, 2 April 1946
Jabatan

Raja Ngayogyakarta

Sri Sultan Hamengkubuwana X (Jawa: ꦲꦩꦼꦁꦑꦸꦨꦸꦮꦟ꧇꧑꧐) utawi Bendara Radèn Mas Hèrjuna Darpita (miyos ing Ngayogyakarta, 2 April 1946, yuswa 65 taun) punika ratu ingkang kaping sadasa ing Karaton Kasultanan Ngayogyakarta, lan Gubernur Daérah Istiméwa Yogyakarta.

Barkas:COLLECTIE TROPENMUSEUM Aankondiging van de inhuldiging van Sultan Hamengku Bawana X op 7 maart 1989 TMnr 20017999.jpg
Poster jumenengan taun 1980 (kolèksi Troopenmuseum

Sarasilah

  • Miyos kakung pambajeng saking Ngarsadalem Sultan Hamengkubuwana IX patutan sekalihan garwa nomer kalih, RA Siti Kustina/BRA Widyaningrum/KRA Widyaningrum/RAy Adipati Anom
  • Krama kaliyan Tatiek Drajad Suprihastuti/BRA Mangkubumi/GKR Hemas, putri saking Kolonèl Radin Subanadigda Sastrapranata, ing warsa 1968.
  • Kagungan sadulur ing antaranipun GBPH Joyokusumo, GBPH Prabukusumo, GBPH Yudhaningrat
  • Putradalem gangsal, sadaya miyos putri:
  1. GRA Nurmalita Sari/GKR Pembayun/GKR Mangkubumi
  2. GRA Nurmagupita/GKR Candrakirana
  3. GRA Nurkamnari Dewi/GKR Maduretna
  4. GRA Nurabra Juwita
  5. GRA Nurastuti Vijareni/GKR Bendara

Mangsa alit lan pawiyatan

Ngarsadalem kaping X miyos kanthi asma BRM Herjuno Darpito. Sareng diwasa lajeng sesebutan KGPH Mangkubumi lan sareng jumeneng dados adipati anom, kaparingan sesebutan KGP Adipati Anom Hamengku Nagara Sudibya Rajaputra Naréndra ing Mataram. Panjenengandalem punika lulusan Fakultas Hukum Universitas Gadjah Mada.

Jumenengdalem

Barkas:COLLECTIE TROPENMUSEUM Inhuldiging van Sultan Hamengku Bawana X in de kraton met naast hem de Gusti Kanjeng Ratu Hemas TMnr 20018311.jpg
Sultan Hamengkubuwana X sekalihan garwa Gusti Kangjeng Ratu Hemas ing adicara jumenengan surya kaping 7 Maret 1989 minangka ratu Kasultanan Ngayogyakarta.

Jumenengdalem minangka ratu kalampahan ing surya kaping 7 Maret 1989 (Selasa Wagé, 19 Rejeb 1921) kanthi asma resmi Sampéyan Dalem ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Hamengku Bawana Sénapati-ing-Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah ingkang Jumeneng Kaping Sadasa.

Kagiatan organisasi

Ngarsadalem kaping X aktif sajeroning manéka warni organisasi lan mengku sawatawis kalenggahan, antawisipun inggih punika ketua umum Kadinda DIY, ketua DPD Golkar DIY, ketua KONI DIY, Dirut PT Punokawan ingkang makarya babagan jasa konstruksi, Présidhèn Komisaris PG Madukismo, lan ing sasi Juli 1996 kaangkat minangka Ketua Tim Ahli Gubernur DIY. Warsa 2010, sesarengan kaliyan Surya Paloh, Ngarsadalem Sultan Hamengkubuwana X medhar gagasan madegipun Nasional Dhémokrat.

Makalah

Uga delengen


Dipunrumiyini
déning:
Hamengkubuwana IX
Raja Kasultanan Yogyakarta
1988 -....
Dipunlajengaken
déning:
saweg njabat