Haddad Alwi

Haddad Alwi (lair ing Jakarta, 13 Maret 1966; umur 58 taun), iku penyanyi religi Islam saka Indonésia.[1]Hadad Alwi penyanyi tetembangan religi Islam, albumé kang kondhang duwé sesirah CINTA RASULkang dirilis bareng karo penyanyi Sulis.[1]Album iki dadi album religi kang sukses nganti diprodhuksi ning warna-warna versi lan cacahé.[1]

Haddad Alwi
Haddad Alwi
PakaryanPenyanyi
Taun aktif- sekarang
BojoAtina Riawati (cerai)
AnakYasmin Hadad Assegaf

Uga tau duet karo penyanyi liyané, kaya ta Gita Gutawa lan Tasya , Hadad Alwi tau ngerilisalbum kang diwènèhi sesirah Jalan Cinta 2, kang isiné 10 tetembangan sing dadi single andalané ya ikutembangan kang diwènèhi sesirah Salam Ramadhan.[1]

Ning kauripané, Haddad Alwi cerai karo garwané, ya iku Atina Riawati, kang uga dadi penyanyi religi.[1]Sakloroné cerai ning akir 2005 sawisé patang taun wis urip bebarengan.[1]Dikaruniai anak wadon kang dijenengi Yasmin Hadad Assegaf.[1]Nanging, dingertèni sawisé cerai karo Haddad Alwi, Atina Riawati ngudhar jilbab.[2]Atina Haddad Alwi kang mbuka bisnis salon iku, duwé pamikiran kang positif kanggo awaké dhéwé.[2]

Album

Album-album déning Haddad Alwi[1]:

  • Cinta Rasul
  • The Way of Love (Jalan Cinta) - 2004
  • Jalan Cinta 2 - 2006
  • 12 Lagu Pilihan - 2009
  • Muhammad Nabiku - 2010

Cathetan suku