Gurita

Gurita
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Animalia
Filum:Moluska
Klas:Cephalopoda
Subklas:Coleoidea
Superordho:Octopodiformes
Ordho:Octopoda
Leach, 1818
Familia

14 dalam dua subordo, lihat teks.

Octopus ornatus berry

Gurita utawa sotong kréta yaiku kéwan moluska saka kelas Kapalapada (sikil kéwan ana ing endhas), ordho Asthapada (Octopoda). Kéwan iki habitaté ya iku ing trumbu karang ing samodra.[1] Gurita iku ana 289 spésies (sapratelon saka total spésies kelas Kapalapada).[1] Gurita ing basa Inggris jenengé octopus. Tembung iki dijupuk saka basa Yunani: Ὀκτάπους, kang tegesé sikil wolu.[1]

Pawakan

Gurita duwé wolung lengen (dudu téntakel) karo piranti nyedhot kang wujud bunder-bunder nyengkuwung kang ana ing lengen kang obah ing dhasar sagara lan nangkep mangsa.[2] Lengen gurita iku struktur hidrostat muskulèr kang mèh kabèh saka lapisan otot ora balungé.[1] Ora kaya kéwan Kapalapada liyané, akèh-akèh gurita saka subordho Incirrata duwé awak saka otot lan ora duwé balung njero. Gurita ora duwé thothok kang bisa nglindungi kaya déné Nautilus lan ora duwé thothok njero utawa balung kaya ta sotong lan nus.[2] Pérangan kang atos saka gurita ya iku cucuk kang digunakaké gawé uwang kanggo matèni mangsa lan nyokot dadi cilik-cilik.[2]Awaké kang lentur banget nggawé gurita bisa nyesepaké awak ing celah watu-watu kang ciyut ing dhasar sagara, mligi nalika lumayu saka iwak pamangsa kaya welut laut pelus.[2] Gurita kang kurang dikenal wong ya iku saka subordho Cirrata kang duwé sirip loro lan thothok njero.[2]Gurita duwé umur kang rélatif singkat lan ana uga spésies kang mung urip nem wulan. Spèsiès kang luwih gedhé kaya ta gurita raseksa pasifik lor kang boboté tekan 40 kilogram bisa urip tekan limang taun ing kondhisi lingkungan kang cocog.[2]

Kapinteran

Gurita iku kéwan kang paling pinter dibandhingna invertebrata liyané. Kapinteran gurita asring gawé dhébat para ahli biyologi. Kasil pacoban nggolèk dalan ing njero reruwedan (labirin, maze) lan mecahaké prakara nuduhake yèn gurita duwé daya éling kang suwé lan sadhéla.[3][4] Nanging urip gurita kang sadhéla nggawé ngèlmu kang disinaoni saka gurita ora bisa akèh.[3]Gurita duwé sistem sarap kang komplèk. Rong pratelon saka sèl sarap ana ing tali sarap kang ana ing wolung lengené, lengen gurita bisa obah-obah rèflèk kang rumit.[4]

Mumpangat

Gurita asring dicekel digawé pakan, diingu ing akuwariyum dadi sepèsimèn tumrap dedelengan, utawa gawé kéwan ingon.[5]

Klasifikasi

  • KELAS CEPHALOPODA
    • Subkelas Nautiloidea: nautilus
    • Subkelas Coleoidea
      • Superordo Decapodiformes: squid, cuttlefish
      • Superordo Octopodiformes
        • Ordo Vampyromorphida: Vampire Squid
        • Ordo Octopoda
          • Subordo Cirrata: finned deep-sea octopus
            • Familia Opisthoteuthidae: umbrella octopus
            • Familia Cirroteuthidae
            • Familia Stauroteuthidae
          • Subordo Incirrata
            • Familia Amphitretidae: telescope octopus
            • Familia Bolitaenidae: gelatinous octopus
            • Familia Octopodidae: benthic octopus
            • Familia Vitreledonellidae: Glass Octopus
            • Superfamilia Argonautoida
              • Familia Alloposidae: Seven-arm Octopus
              • Familia Argonautidae: argonauts
              • Familia Ocythoidae: Tuberculate Pelagic Octopus
              • Familia Tremoctopodidae: blanket octopus

Rujukan

Pranala njaba


🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaPitulungPallywoodMahasiswaWikipédiat4yfpMirunggan:Golèktu4kjNaraguna:Altair Netraphim/bak wedhi3Perang Donya IIWikipédia:Sélakan umumSepongSurat Adh DhuhaPitulung:IsiMirunggan:Owahan anyarSinarmas GroupSurat Al QadrPanggulawenthahGapuraAksara CarakanWikipédia:SesambunganSurat As SajdahWikipédia:BabGapura:PaguyubanMinal 'Aidin wal-FaizinFacebookSekseWikipédia basa JawaCumbanaWikipédia:Pronunciation respelling keyꦄꦏ꧀ꦱꦫꦕꦫꦏꦤ꧀NgrokokJavaScriptWikipédia:Sugeng rawuhRéboisasiCumbana payudaraKategori:215WisnuNaraguna:Bebasnama