Guk

Guk utawi Tang punika jinising sup khas saking Koréa.[1][2] Wonten manéka variasi guk dhedhasar cara masak saéngga jinisipun ugi manéka warni.[2] Wigatinipun sup wonten ing kuliner Koréa saged dipuntelusur saking buku masak kuna saking jaman Dinasti Joseon (1392-1910) kanthi irah-irahan Joseonmussang sinsikyori jebeop ingkang nyerataken "Guk punika masakan paling wigati angka kalih bibar sekul ing nginggilipun méja dhahar dalu lan kalebet lawuh ingkang paling wigati. Dhahar tanpa sajian guk punika sami kemawon praupan tanpa mata. Boten wonten pista ingkang jangkep tanpa guk".[2]

Guk
Hangul국, 탕
Hanja
Alihaksara Koréa Kang Sinampurnaguk, tang
McCune–Reischauerkuk, t'ang

Variasi guk

Tteokguk, jinis malgeunguk.
Seolleongtang, jinis gomguk

Wonten kathah jinis guk ingkang dipundamel saking manéka jinis bahan, kados janganan lan daging ugi dipunsajekaken minangka lawuh (lauk) utawi dhaharan utami nalika dipuncampur kaliyan sekul.[2] Padatanipun guk punika dipupérang dados kategori wonten ing ngandhap punika:

  • Malgeunguk, duduh kaldu bening.[2]

Kanggé damel malgeunguk kanthi jumlah ingkang kathah punika mbetahaken kathah daging sapi lan dipunmasak kanthi wekdal ingkang dangu.[2] Supados raos saking sup punika dados gurih daging sapi mau dipuntugel alit-alit rumiyin, lajeng dipunparingi bumbu lan dipunoseng lan dipungodhog ing toya.[2] Malgeunguk padatanipun dipunparingi bumbu sarem lan ganjang (kecap asin).[2]

  • Tojangguk, sup ingkang dipunparingi bumbu doenjang.[2] Tojangguk dipunmasak kaliyan bahan doenjang, saéngga raosipun gurih sanajan sakedhik utawi boten dipuntambah daging. Padatanipun tojangguk dipuntambah kaliyan bubuk lombok (gochugaru) utawi pasta lombok (gochujang) kanggé nambah raos pedes.[2]
  • Gomguk, sup balung sapi kenthel.[2] Gomguk dipundamel kanthi cara daging lan balung sapi dipungodhog sesarengan dumugi gajih (lemak)ipun medal utawi nalika kenthelipun sampu krasa cekap.[2] Bumbu kados sarem lan kecapa asin dipuntambah sadèrèngipun sup dados kenthel. Nanging sarem saged ugi dipuntambah nalika sampun cumawis ing méja dhahar.
  • Naengguk, sup adhem.[2] Bahan naengguk padatanipun wonten timun, rumput laut, lan ganggang coklat, lajeng dipuntambah kaliyan cuka.[2] Naengguk kathahipun dipundhahar nalika mangsa panas.[2]

Bahan-bahan

Bahan-bahan isi guk punika kathah antawisipun janganan, daging, ulam, kerang, rumput laut ingkang padatanipun cumawis dhedhasar mangsa.

MangsaJinis guk
Mangsa semiTojangguk kaliyan herba alasan kados ssuk (mugwort), lan naengi (horseradish).
Mangsa panasOi naengguk (naengguk timun), miyeok naengguk (naengguk rumput laut), kkaetguk (sup wijen), yeonggye baeksuk (sup ginseng kaliyan pitik enem), chueotang (sup ulam loach), samgyetang (sup pitik ginseng).
Mangsa palastraTorantang (sup uwi talas), songitang (sup matsutake), baechutguk (sup kol Cina).
Mangsa adhemGomguk (sup balung), seonjitguk (sup getih sapi), tteokguk (sup kue beras), lan mandutguk (sup mandu)

Bèntenipun guk kaliyan tang

Tang punika istilah ingkang langkung formal lan kurmat ing kuliner Koréa tinimbang guk.[3] Nanging dhaharan kalih punika saged dipunbédakaken. Tang langkung dados masakan mirunggan déné guk punika sup ingkang dipundhahar wonten ing kagiyatan dhahar umum ingkang dipunsajèkaken kaliyan manéka jinis lawuh sanèsipun.[3]

Ugi pirsani

Cathetan suku


Cithakan:Masakan-stub