Gonzalo Castro

sawijining pamain bal-balan

Gonzalo Castro Randón (miyos 11 Juni 1987) inggih menika satunggaling pemain bal-balan profésional saking Jerman ingkang aslinipun saking Spanyol ingkang samenika main bal ing klub Bundesliga Jerman Borussia Dortmund lan Timnas Jerman, utaminipun dados pemain glandhang.[1]

Gonzalo Castro
Castro ing Borussia Dortmund taun 2015
Katerangan priangga
Jeneng dawaGonzalo Castro Randón
Tanggal lair (1987-06-11) 11 Juni 1987 (umur 37)
Papan lairWuppertal, Jerman
Dhuwur1.71 m (5 ft 7 12 in)
Posisi mainMidfielder
Katerangan klub
Tim saiki
Borussia Dortmund
Angka27
Karir nom
Post SV Wuppertal
Viktoria Rott
0000–1999Bayer Wuppertal
1999–2005Bayer Leverkusen
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2005–2006Bayer Leverkusen II10(3)
2004–2015Bayer Leverkusen286(25)
2015–Borussia Dortmund63(6)
Tim nasional
2005Spanyol U191(0)
2006–2009Jerman U2121(3)
2007Jerman5(0)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 21:19, 18 November 2017 (UTC.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 24 January 2017

Miyos ing Kutha Wuppertal saking tiyang sepuh Spanyol, piyambakipun miwiti kariripun ing Post SV Wuppertal.[2] klub sanèsipun ing wekdal taksih eném inggih menika klub Viktoria Rott lan SV Bayer Wuppertal.[2] Taun 1999, piyambakipun pindhah dhateng Bayer 04 Leverkusen.[2] Ing umur 17 taun, piyambakipun nglampahi pertandhingan kapisan kanggé tim senior Leverkusen ing Bundesliga lan ing Liga Champions. Ing musim kapisan, piyambakipun nglampahi 13 tetandhingan.[2] Piyambakipun nglampahi 21 pertandhingan ing musim 2005-2006 minangka pemain cadhangan. Wiwit taun 2006, Castro pindhah saking pemain tengah dhateng pemain wingking lan mlebet starting eleven.[2] Ing musim 2010-22, piyambakipun pindhah posisi dados bék tengen, minangka gantosipun Daniel Schwaab. Wiwit musim 2012-13, Castro dados pemain bék tengah malih.[2]

Pranala Njawi

Rujukan