Glukosa

Glukosa, salah siji gula monosakarida, yaiku karbohidrat wigati kang digunakaké minangka sumber kéwan lan tetuwuhan.[1] Glukosa yaiku kasil utama fotosintesis lan respirasi wiwitan. Glukosa (C6H12O6) yaiku heksosa-monosakarida kang ngandhut enem atom karbon.[1] Glukosa iku aldehida kang ngandhut CHO lan dadi sumber tenaga ing endi-endi sajeroning biologi.[1] Glukosa bisa diwangun saka formaldehida ing kaanan abiotik, saéngga bakal gampang sumadya kanggo sistem biokimia primitif.[1] Glukosa yaiku gula utama kang digawé awak. Awak nggawé glukosa saka protéin, lemak, lan mligi saka karbohidrat.[2] Glukosa diteraké menyang saben sèl lumantar iliné getih.[2] Nanging , sèl-sèl iku ora bisa nggunakaké glukosa tanpa pambiyantu insulin.[2] Glukosa uga diarani dekstrosa.[2]

Model pengisi ruang molekul glukosa

Cathetan suku