Ganja

Cannabis (Ganja)
Godhong Ganja
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Plantae
Dhivisi:Magnoliophyta
Klas:Magnoliopsida
Ordho:Urticales
Famili:Cannabaceae
Génus:Cannabis
Spésies:C. sativa
Jeneng binomial
Cannabis sativa
Linnaeus
Subspecies
C. sativa L. subsp. sativa
C. sativa L. subsp. indica
Ganja

Ganja (Cannabis sativa syn. Cannabis indica)[1] iku tuwuhan budidaya pangasil serat, nanging luwih ditepungi amarga kandhutan dat narkotika ing wijiné, tetrahidrokanabinol (THC, tetra-hydro-cannabinol) sing bisa gawé panganggoné ngalami euforia (rasa seneng sing dawa tanpa sebab). Tuwuhan ganja racaké digawé dadi rokok mariyuana.

Ganja kalebu tuwuhan herba kang jejeg.[1] Uripé setaun langsung panèn, dhuwuré lumrahé 1-1,5 m.[1] Ganja duwé pang. Nalika enom rambuté akèh.[1] Godhong ganja thukul ing pangkal gagang.[1] Godhong ganja duwé gagang dawa, stipula bébas lan dhapuré kaya benang utawa kaya tombak.[1]

Dasanama

Ginje jawa (Jawa), ganja, bakong, on mangat, ata pulo, gelek (Acèh).[1]

Habitat

Ganja urip ing panggonan kang duwé iklim tropis kang lembab.[1] Tujuwané kanggo mrodhuksi résin narkotik. Serat kang optimal bisa diasilaké nalika ganja urip ing tlatah kang suhuné 15-27 drajat celcius.[1] Ganja thukul paling akèh ing Acèh.[1]

Réprodhuksi

Ganja bisa ditangkaraké wijiné.[1] Wiji nukulaké cambah ing temperatur asor nanging ora sangisoré 1 drajat celcius.[1] Temperatur lemah 10-12 drajat celcius paling apik kanggo urip ganja.[1] Yèn nganggo cara vegetatif bisa kanthi cara stèk.[1] Nanging ana biokimia lan morfologi kang béda antarané ganja kang thukul saka wiji lan kang ditangkaraké kanthi cara vegetatif.[1]

Kena ing guna

Ganja duwé akèh mupangat.[2]

  • ngaktifké sistem sèl[2]
  • nyehatké jiwa lan raga, kanggo tamba lelara[2]
  • èfèktif kanggo ngundhakaké kinerja polo tengen[2]
  • èfèktif kanggo panlitèn lan pangkajian IPTEK[2]
  • kanggo ngundhakaké ènergi alam ngisor sadhar[2]

Nanging yèn nganggo ganja kanthi dosis kang luwih bisa mbebayani kanggo kaséhatan lan bisa njalari ketagihan.[2]

Cathetan sikil